√ 37+ Tembang Durma {Pengertian, Wata, Aturan dan Contohnya}

Tembang macapat adalah salah satu kesenian Jawa yang masih populer hingga saat ini.

Menurut beberapa sumber, tembang macapat adalah jenis tembang yang menceritakan perjalanan hidup manusia dari lahir hingga meninggal.

Jenisnya ada 11, salah satunya macapat durma. Macapat durma berada di nomor 8 pada urutan tembang macapat.

Nah, bagi yang penasaran mengenai macapat durma simak pembahasan berikut ini.

Pengertian Tembang Durma

Tembang durma adalah tembang yang berisi gambaran manusia ketika mendapatkan nikmat dari Tuhannya berupa kecukupan.

Dengan begitu, seharusnya banyak berbagi pada sesama dan banyak bersyukur atas kenikmatan tersebut.

Jika di tinjau dari segi bahasa “Durma” berasal dari kata “darma/weweh” artinya dermawan/senang memberi sumbangan.

Hal ini menggambarkan bahwa orang yang merasa berkecukupan harta benda akan timbul rasa iba kepada sesama yang kekurangan.

Dengan begitu, akan cenderung menjadi dermawan dan menggunakan kelebihan hartanya untuk di bagikan kepada yang lain.

Ada juga yang berpendapat bahwa “Durma” kepanjangan dari “munduring tata krama” artinya kemunduran tata krama. Ibaratnya seseorang yang memiliki karakter kurang baik atau kehilangan tata krama.

Watak Tembang Durma

Kang dadi watake tembang durma yaiku galak nantang, nesu lan muntab.

Karakter lagu durma adalah sangat menantang, pemarah dan sombong. Sehingga tembang ini cocok digunakan untuk lagu dalam peperangan.

Sisi lain dari watak macapat durma adalah watak yang penuh motivasi, semangat juang dan tegas.

Paugerane Tembang Durma

Tembang macapat durma kalebu jinising tembang macapat. Tembang macapat yaiku tembang cilik. Tembang cilik yaiku tembang kang duwe paugeran (aturan). Paugerane macapat yaiku guru gatra, guru lagu lan guru wilangan.

Paugeran tembang adalah aturan yang mengikat masing-masing tembang. Setiap tembang macapat memiliki paugeran yang berbeda, sehingga paugeran disebut juga dengan ciri ciri tembang.

Paugerane macapat duma yaiku 7 gatra, 12a- 7i- 6a- 7a- 8i- 5a- 7i.

Guru Gatra

Guru gatra yaiku larik utawa baris saben sapada tembang.

Guru gatra adalah Baris atau larik suatu tembang. Macapat durma memiliki 7 guru gatra.

Guru Wilangan

Guru lagu yaiku cacahing wanda saben sagatra.

Guru lagu adalah jumlah suku kata dalam satu baris tembang. Guru lagu macapat durma adalah 12, 7, 6, 7, 8, 5, 7.

Baris pertama memiliki 12 jumlah suku kata, baris kedua 7 suku kata, baris ketiga 6 suku kata dan seterusnya sampai baris ke tujuh.

Guru Lagu

Guru lagu yaiku tibaning swara ing pungkasaning gatra utawa baris tembang.

Guru lagu adalah jatuhnya akhir suara pada baris tembang. Guru lagu macapat durma adalah  a, i, a, a, i, a, i.

Baris pertama jatuh akhir suara huru vokal a, baris kedua jatuh akhir suara dengan huruf vokal i, baris ketiga jatuh akhir suara dengan huruf vokal a dan seterusnya.

Baca Juga : Tembang Pangkur

Kumpulan Contoh Tembang Durma

Berikut merupakan beberapa contoh tembang durma beserta artinya. Agar tidak penasaran, yuk disimak baik-baik

Contoh Tembang Durma Buatan Sendiri 

Lamon dika epasrae panggabayan
Ampon mare apeker
terang kaekona
ad janji marantaa
pon pon brinto tarongguwi
anggap tanggungan
Ma’ta’ malo da’ oreng

Paman-paman, apa wartane ing dalan,
ing dalan akeh pepati
mati kena apa
mati pinedhang ligan
ing jaja terusing gigir
akari raga
badan kari gluminting

Tema Pendidikan

Krodha prabu Rawana narik candrasa,
pinrang luput ngoncati,
Subali malumpat,
mbedhol wit gorarupa,
pinuter saengga giri,
Sri Dasamuka,
pinupuh angoncati.

Sining jagad apa sira dhewe ingkang,
sineren guna sekti,
buta palawija,
migena wong atapa,
yen sira kudu ajurit,
lah tekakena,
budimu sun kembari.

Duk miarsa Subali madeg krodhanya,
sugal dennya nauri:
apa talingira,
dene kabina-bina,
ambegmu angluluwihi,
ndhasmu tan kaprah,
buta gedheging bumi.

Tema Sekolah

Para siswa gatekno bab kang utama (12a)
Pisan sholat lan ngaji (7i)
Ngabekti wong tuwa (6a)
Kang rukun marang kanca (7a)
Sabar nalika di uji (8i)
Tansah nerima (5a)
Nuju mulyane urip (7i)

Makna:

Para siswa menjadikan Sekolah yang utama
Juga sholat dan mengaji
Berbakti kepada orang tua
Rukun dengan teman
Sabar ketika di uji
Juga menerima
Untuk menuju kemuliaan hidup

Diyu ditya manungsa sanadyan dewa,
nora keha nimbangi,
guna kuringaprang,
mengko monyet ngalunyat,
peksa lumuwih neng bumi,
lah kalahena,
wuk kuring aprang dhingin.

Dhuk miarsa krodha prabu Dasamuka,

denira wre Subali,
sedya ngluwihana,
lawan isining jagad,
nudingi asru dennya ngling,
kagila-gila,
si monyet ingkang pinrih.

Maputeran panyabete kering kanan,
sinosog waos biting,
tan mantra tumama,
saya keh wadya bala,
kang ngemasi kapalipis,
kang teguh rosa,
picondhang mempis-mempis.

Kadya kilat sisik mubyar kabaskaran,
yayah tinubing rukmi,
sumiyut gumebyar, nibani wadyabala,
sewu prajurit kaplipis,
remuk sumebar,
singlar-singlar keh mati.

Gumarudug anawat sela lir udan,
tanapi gada bindi,
kunta myang senjata,
tibeng angganing sarpa,
datan mantra anedhasi,
sangsaya krura,
molah amuter pethit.

Risang sarpa uninga pinagut yuda,
sumebut andhatengi,
sumembur wisanya,
kadya riris sumebar,
wadya bala anadhahi,
surak gumerah,
lan tengara tinitir.

Alon matur mring kang paman Sri Manila,
dede wados puniki,
paran karseng rama,
hulun datan kawagang,
ngandika Sri Bramasekti,
sira menenga,
ingsun arsa mungkasi.
(Serat Panji Raras)

 Tema lingkungan

Gilar-gilar kadya ingkang surya kembar,
suing kumilat kengis,
lidhah lir daludag,
raja Mandrasaraba,
kekes denira ningali,
angganing sarpa,
dene yayah rinukmi.

Datan kewran karya tangkising kagunan,
sang mindha sarpa nuli,
manjongok angakak,
meh parek lawan rata,
sirahing naga ngungkuli,
rataning nata,
netra katon gumilir.

Mijil hastra neka warna pangawasa,
gumredeg anibani,
Sakehing kadibyan,
nira prabu kalihnya,
sang amindha sarpa kalis,
datan kasoran,
retna Kenakasasi.

Lumayua lan arimu dipun enggal,
sang retna anahuri,
bibi emah-eman,
kembange akeh megar,
dupeh sarpa gigi lani,
lag ngarah apa,
ni randha duk miarsi.

Kae manungsa golèk upa angkara,
Sesingidan mawuni,
ngGawa bandha donya,
mBuwang rasa agama,
Nyingkiri sesanti ati,
Tan wedi dosa,
Tan èling bakal mati.

Dyan anarik candrasa Prabu Rawana,
Pinrang jatayu jeni,
Suwiwine sempal,
Tiba sang peksi raja,
Sinta manglayang sira glis,
Cinandhak kena,
Mring sang reksapati.

Tema Ibu

Ibu wanita kang mulya ing semesta (12a)
Tresnane saka cilik (7i)
Bekti ibu wajar (6a)
Prayogane utamakna (7a)
Surga ana ngisor kaki (8i)
Ibu pahlawan (5a)
Lan tulus tanpa pamrih (7i)

Tema Agama

Solahing kang yuda ananggulang sarpa,
tan mantra angawali,
malah keh picondhang,
duka prabu kalihnya,
mangsah ratanira gumrit,
mangekapada,
menthang langkap pinusthi.

Kang kataman keh malepuh gundam-gundam,
sagung para bupati,
sakedhap kewala,
sinabet kasulayah,
kang panggah kaplipis rujit,
prabu kalihnya,
waspada aningali.

Wadya wuri giniring mring ratunira,
bentet samya ngebyuki,
surak lir ampuhan,
tambuh kehing gegaman,
sang naga molah nguwati,
nembur magalak,

Yata para punggawa sareg umangsah,
satus samya sinekti,
sewu mantri wira,
panggah ngangsahken gada,
kunta nanggala myang bindi,
tumibeng sarpa,
tan mantra miyatani.

Angur silih den adu padha manungsa,
babegjan padha siji,
iku buron sarpa,
tan nganggo kira-kira,
lawan ora idhep wedi,
daya cilika,
gedhe sapuluh tiris.

Ing wusana bubar larut asar-saran,
tan kena den adhangi,
mring para punggawa,
ginebugan ameksa,
kang saweneh ana angling,
sapa kang kelar,
tumanggah mesthi mati.

Rajeng Siyem Manila angatag wadya,
kinen angrubut jurit,
pinrih patinira,
nyana sarpa wantahan,
punggawa kinen mangarsi,
kang prawireng prang,
keh sikep gada bindi

Wadya bala Siyem kalawan Manila,
kagyatira tan sipi,
mundur tur uninga,
marang narendranira,
yen wonten sarpa gang prapti,
saking jro taman,
galak anerak baris.

Minger medah Sang Retna Galuh tinilar,
sang naga prapteng jawi,
sedya ananggulang,
praptane kang gegaman,
laju sumebut dhatengi,
krura angakak,
gora reh gigirisi,

Minger medah Sang Retna Galuh tinilar,
sang naga prapteng jawi,
sedya ananggulang,
praptane kang gegaman,
laju sumebut dhatengi,
krura angakak,
gora reh gigirisi,

Kontrangkantring saking marase kalintang,
dhuh aduh anak mami,
age lumayua,
yata kang kawuwusa,
wonten gegaman geng prapti,
jawing taman,
ingkang hadar bebaris,

Tema Kesehatan

Yen nglawan virus corona ora gampang (12a)
Kudu di suntik vaksin (7i)
Kudu njaga jarak (6a)
Lan kesehatan awak (7a)
Muga coronae sirna (8i)
Pesene bapak (5a)
Yen lali kudu eling (7i)

Tema Tata Krama 

Mundur kang dadi tata krama
Dur iku duratmoko duroko dursila
Dur iku durmogati dursosono duryudono
Dur udur tan cakap nimbang rasa
Dur udur paribasan pari kena
Maknane nglaras rasa jroning durma
Sinom dhandanggula kang sinedya
Lali purwaduksina kelon asmaradana
Lali wangsiting ibu lan rama
Mangkono werdine gambuh durma
Amelet wong enom ing ngarcapada
Pan mangkono
Jarwane paribasan parikena

Artinya:

Menghindari dari sopan santun
Dur, itu pencuri, penjahat tidak beradab
Dur, semacam Durmogati, Dursasana, Duryudana
Dur, hanya ingin menang sendiri, tanpa pernah menimbang rasa
Dur, perumpamaan sekenanya
Itu perumpamaan Durma
Anak muda dalam mimpi- mimpi indahnya
Kurang ingat segalanya berpeluk pada asmara
Kurang ingat pesan Bunda Bapaknya
Semacam perumpamaan Gambuh serta Durma
Yang tetap menarik kalangan anak muda dalam kehidupan di muka bumi
Semacam itu
Iktikad penafsiran sekenanya

Tema Keberanian 

Babo babo mara age tandhingana
Sun prajurit linuwih
Sekti mandraguna
Prawira ing ngayuda
Kang tandhing haywa lumaris
Tan wurung sira
Sirna ndepani bumi

Artinya:

Mari kesini lekas lawanlah
Saya prajurit mumpuni
sakti mandraguna
kesatria dalam peperangan
yang melawan telah banyak
pada kesimpulannya kamupun
mati tersungkur di tanah

Tema Masyarakat

Bener luput ala becik lawan beja
cilaka mapan saking
ing badan priyangga
dudu saking wong liya
pramila den ngati ati
sakeh durgama
singgahana den aglis

Maksud dari:

Salah, benar, hal yang kurang baik, kebaikan dan keberuntungan
celaka bersemayam dari
dalam dirinya sendiri
bukan dari orang lain
buat itu barhati- hatilah
dari banyaknya bahaya
menyingkirlah lekas

Lamon dika epasrae panggabayan,
Ampon mare apeker,
Terang ka’eko’na,
Ad janji maranta’a,
Pon pon brinto tarongguwi,
Anggap tanggungan,
Ma’ ta’ malo da’ oreng,

(Asmoro, 1950 ; 19)

Artinya:

Bila kalian menemukan beban pekerjaan
telah berakhir dipikir
tentang seluk- beluknya kerja,
usaha buat menuntaskan.
bila demikian haruslah serius
bekerja dengan penuh tanggung jawab
supaya tidak mengecewakan orang

Tema Keluarga 

Ingkang eling Iku ngelingana marang
sanak kadang kang lali
Den nedya raharja
Mangkono tindak ira
Yen tan ngugu ya uwis
Teka menenga
Mung aja sok ngrasani

Artinya:

Yang sadar itu ingatlah pada
sanak saudara yang lupa
cuma ingin hidup sejahtera
itulah yang harus dilakukan
kalau tidak percaya ya sudah
Tinggal diam saja
Hanya jangan membicarakannya di belakang

Baca Juga : Contoh Tembang Dhandanggula 

Isi Tembang Durma

Tembang macapat durma yaiku salah sijine tembang ing Serat Wulangreh anggitane Paku Buwono IV (PB IV).

Tembang durma serat wulangreh iku isine nyritakake bab opo carane ngendhaleni hawa nafsu, jlentrehe dadi wong kui aja gumedhe utawa angkuh, aja seneng maido lan nyalahake wong liya.

Saben tembang durma iku isi piwulang luhur kang migunani tumprape para siswa, guru lan sing gellem maca.

Macapat durma adalah salah satu lagu dalam Serat Wulangreh karya Paku Buwono IV (PB IV).

Serat wulangreh macapat durma yaitu menceritakan bagaimana cara mengendalikan hawa nafsu, menjelaskan agar seseorang tidak keras kepala, sombong, senang memarahi orang lain dan menyalahkan orang lain.

Setiap lagu durma berisi pelajaran yang mulia dan bermanfaat bagi para siswa, guru dan orang yang mau mendengar dan membaca.

Berikut isi serat wulangreh pupuh durma:

Pada 1

Dipun sami ambanting sariranira
Cegah dhahar lan guling
Darapon sudaa
Nepsu kang ngambra-ambra
Rerema ing tyasireki
Dadi sabarang
Karsanira lestari

Gancarane:

Biasakno awakmu urip lan laku prihatin kathi cara ngurangi mangan lan turu. Kabeh iku sarana kanggo ngurangi hawa nafsu, yen perlu karo tafakur lan ngeningake cipto marang sing nggawe urip (Gusti Allah). Kabeh iku bisa dadekno cita-citamu kaleksana.

Artinya :

Biasakan untuk melatih diri kamu dengan mengurangi makan dan tidur. Agar nafsu yang menggelora semakin berkurang. Merenunglah agar cita-citamu tercapai.

Pada 2

Ing pangrawuh lahir batin aja mamang
Yen sira wusudani
Maring sarianira
Lamun ana kang murba
Masesa ing alam kabir
Dadi sabarang
Pakaryanira ugi

Gancarane:

Ojho ragu utawa rangu-rangu marang pengetahuan lahir lan batin. Amarga yen sliramu bisa mengerteni kabeh kui bisa hasil. Pecoyo wae yen ing dunya iki ana sing kuasa lan nitahake urip yaiku kang Mubeng dumadi Gusti Allah.

Artinya:

Jangan ragu terhadap pengetahuan lahir dan batin. Jika kamu memahami bahwa dalam hidup ini ada yang berkuasa. Mudah-mudahan apa yang kamu inginkan tercapai.

Pada 3

Bener luput ala becik lawan begja
Cilaka mapan saking
Ing badan priyangga
Dudu saking wong liya
Pramila den ngati-ati
Sakeh durgama
Singgahana den eling

Gancarane:

Ing kang bener, luput, ala, becik iku saka awakmu dhewe, dudu saka wong liya. Mulane urip iku kudu ngati-ati saka sakabehing pitnah, gudha marang sliramu. Sakabehane kui kudu kok singkirno ben eling lan waspada.

Artinya:

Sesuatu yang benar, salah, baik buru, untung dan rugi itu datang dari dirimu sendiri, bukan dari orang lain. Karena itu, berhati-hatilah dari ancaman, ingat dan waspada.

Pada 4

Mapan ana sesiku telur prakara
Nanging gedhe pribadi
Paniki lilira
Ingkang telung prakara
Poma ya nggunggung sireki
Kalawan aja
Nacat kepati-pati

Gancarane:

Ana telu perkara kang kudu kok ngerteni, telu perkara yaiku aja gumedhe (angkuh), aja ngece lan maido marang liyane. Iku wigati kongerteni sajroning urip.

Artinya:

Ada tiga perkara utama yang harus kamu ketahui, ketiga perkara tersebut adalah jangan sombong, jangan mengejek dan jangan mencela.

Pada 5

Lawan aja mamoni barang karaya
Thik-thik memaoni
Samubarang polah
Tan kena wong kumlebat
Ing mangsa mengko puniki
Mapana wus lumrah
Padha wasis maoni

Gancaran:

Aja ngritik lan nyalah-nyalahi penggaweyane wong liyo. Kabeh tumindake wong liya iku tansah di cacati, sarwa ora kabeneran kabeh dianggep luput. Sakabehane kagawa ing jaman serba terbuka, sekabehane wong kui oleh ngomong lan maido.

Artinya:

Jangan mengkritis orang lain, sedikit-sedikit mengkritik semua tingkah orang lain di kritik. Zaman sekarang orang-orang terbiasa untuk mengkritik.

Pada 6

Mung tindhake dhewe nora winaonan
Ngrasa bener pribadi
Sanadyan benera
Yen tindake wong liya
Pesthine ingaran sisip
Iku kang lumrah
Ngganggo bener pribadi

Gancarane:

Panggawene dhewe kang ora di paido, amarga dheweke rumangsa sing bener dhewe lan pinter dhewe. Tindakane lan penggaweane wong liyo senajan bener kui ya diarani luput. Pangira lan pandakwa kuwi kaya mangkono luput marga dadi ukuran bener lan lupute mung awake dewe.

Artinya:

Hasil karya sendiri yang tidak dikritik karena merasa paling benar. Meskipun benar, perbuatan orang lain pasti dinilai salah. Yang demikian menjadi salah ketik kebenaran di ukur atas diri sendiri.

Pada 7

Nora nana panggawe kang luwih gampang
Karya wong maoni
Sira eling-elinga
Aja sugih waonan
Den samya raharjeng budi
Ingkang prayoga
Singa-singa kang lali

Gancarane:

Ora ono penggawean kang enteng kejaba mung maido wong liya. Amarga maido iku gampang di ucapke, nanging kudu kok ngerteni, aja kerep maido utawa nyacat wong liya. Luwih becik tansah duweni pikiran kang becik.

Artinya:

Tidak ada pekerjaan yang mudah kecuali mengkritik orang lain. Karena mengkritik itu mudah di ucapkan. Namun kamu perlu tahu, jangan sering mengkritik atau berkata buruk tentang orang lain. Lebih baik memiliki pikiran yang baik.

Pada 8

Ingkang eling angelingna iya marang
Sanak kanca kang lali
Den nedya raharja
Mangkana tindakira
Yen datan kaduga uwis
Teka menenga
Aja sokangrasani

Gancarane:

Sapa wonge kang lali, kudu di elingke ora malah disalahke. Sekabehane iku saduluran, sanak lan kerabat kang kudu bisa tumindak kaya mangkono. Tumindak iku perlu ditiru, nanging yen ora bisa niru lan nuladha luwih becik meneng.

Artinya:

Seseorang yang lupa harus diingatkan tidak malah disalahkan. Semua bersaudara dan berkerabat harus bisa bertindak seperti tu. Tindakan ini perlu di tiru, namung kalau tidak bisa meniru dan mencontoh lebih baik diam.

Pada 9

Nemu dosa anyela sapadha-pada
Dene wong ngalem ugi
Yen durung tetela
Ing becike manungsa
Aja age nggunggung kaki
Menek tan nyata
Dadi cirinireki

Gancarane:

Yen karep ngomongke liyan iku kapatrapan dosa, semana uga yen ngalem samubarang kang durung mesthi. Amarga ngalem samubarang kang durung mesthi, amarga ngalem samubarang kang durung mesthi lan durung ana buktine iku malah ndadekake cilaka marang awakmu dhewe.

Artinya:

Kamu akan berdosa pada sesama, begitu juga jika kau memuji yang belum kau buktikan kebenarannya. Jangan terburu-buru memuji anakku. Karena jika tidak terbukti, malah akan menjadi celaan pada dirimu sendiri.

Pada 10

Denen ingkang kaprah ing mangsa samangkya.
Yen ana den senengi
Ing pangalemira
Pan kongsi pandirangan
Matane kongsi mandelik
Nadyan alaa
Ginunggung becik ugi

Gancarane:

Ing jaman saiki, wong kang di senengi di alem, di ugung, di subya-subya senajan sabenere wong iku ala. Kabeh di arani apik ora ana cacate.

Artinya:

Di jaman ini yang sering terjadi adalah orang yang di senangi, di puji-puji, di sanjung-sanjung meskipun sebenarnya orang itu berkelakuaan buruk. Semua di anggap baik tanpa ada cacatnya.

Pada 11

Aja ngalem aja mada lamun bisa
Yen uga jaman mangkin
Iya samubarang
Yen ora sinenengan
Den poyok kepati-pati
Nora prasaja
Sabaang kang den pikir

Gancarane:

Menawa bisa dadi wong iku prasaja lan netral. Ora seneng ngalem apadene nyacad wong liyane. Nanging ing jaman saiki sing ora disenengi di cacat entek-entekan lan sing dipikirke lan pandakwane mesthi sing dielek-elek.

Artinya:

Kalau bisa jadi orang netral saja, Tidak memuji dan tidak mencela orang lain. Namun jaman sekarang yang tidak disukai akan dicela habis-habisan dan yang di pikirkan yang buruk-buruk saja.

Pada 12

Ngandhut rukun becik ngarepan kewala
Ing wuriangrasani
Ingkang ora-ora
Kabeh kang rinasan
Ala becik den rasani
Tan parah-parah
Wirangronge gumanti

Gancaran:

Ala lamis ngalembana yen ono wonge, nanging dicacat entek-entekan yen ora ana wonge. Malah kabeh wadine kaelekane di cacat lan di bukak kabeh. Mangkono iku ora bener. Banjur nyandhak tembang sabanjure yaiku tembang wirangrong.

Artinya:

Awalnya berura-pura baik tapi di belakang membicarakan yang bukan-bukan. Pembicaraan oun berganti (wiragrong adalah isyarat pergantian pola tembang)

 

Sumber : https://budiarianto.web.id/

Tinggalkan komentar


The reCAPTCHA verification period has expired. Please reload the page.

%d blogger menyukai ini: