Cerita Gunung Bromo dalam Bahasa Jawa

Gunung bromo adalah salah satu jenis gunung berapi yang masih aktif di Indonesia.

Keindahan alam yang di tawarkan gunung Bromo, menarik para wisatawan untuk berkunjung kesana.

Bukan hanya wisatawan domestik saja yang terpikat dengan keindahan alam gunung bromo.

Wisatawan asing juga berlomba-lomba untuk berkunjung ke Bromo.

Siapa sangka jika gunung yang cantik ini menyimpan legenda yang cukup terkenal di kalangan masyarakat.

Legenda ini juga menjadi dasar adanya tradisi upacara kasada yang rutin di selenggarakan setiap tahun di gunung ini.

Kira-kira seperti apa ya kisahnya? Berikut cerita gunung bromo dalam bahasa jawa beserta unsur intrinsiknya.

Para Dewa Turun dari Kayangan

Ing jaman biyen nalika Para Dewa saka kayangan isih sering mudun ing dunya. Nalika iku Kerajaan Majapahit kena serangan saka kerajaan liya.

Serangan kuwi gawe warga Majapahit padha bingung nyelametake uripe. Lan padha golek panggon kanggo ngungsi.

Kahanan kasebut padha wae karo para Dewa sing mulai lunga marang siji panggonan ing sekitarane Gunung Bromo.

Gunung Bromo isih tenang lan ngadek sing slimuti kabut putih. Para Dewa sing teka ing sekitarane Gunung Bromo, mulai semayam ing lereng Gunung Pananjakan.

Saka lereng Gunung Pananjakan bisa weruh kapan srengengene munggah saka wetan lan kapan srengengene sirep saka kulon.

Kelahiran Joko Seger

Ing sekitare Gunung Pananjakan panggone para Dewa semayam ya uga ana panggonan kanggo para pertapa. Pertapa ing Gunung kasebut saben dina muja lan ngening cipta.

Ing sawijining dina sing mbahagiakake, bojone pertapa kuwi nglairake anak lanang.

Rupane anak lanang kasebut ganteng banghet kaya ana cahaya terange. Cahaya kuwi mertandakake anak kasebut lair saka titisan jiwa sing suci.

Anak kasebut wiwit lair keton sehat lan kuat. Tendhangan sikile kuat lan gegeman tangane seret banget.

Kuate bocah kasebut ora kaya bocah bayi sing umum. Amerga lahir sehat lan kuat bocah kasebut di arani Joko Seger. Artine Joko Seger yaiku bocah lanang kang sehat lan kuat.

Kelahiran Roro Anteng

Ing sekitare Gunung Pananjakan panggonan liya, padha karo wektu kelahirane Jaka Seger ya anak bocah wadon kang di lahirake.

Bocah wadon kasebut uga lair saka titisane Dewa. Rupane bocah kasebut ayu lan elok.

Siji-sijine bocah wadon ing panggonan kasebut ya bocah kuwi. Umume bocah kang di lahirake padha nangis.

Nanging bocah kasebut ora nangis lan meneng wae. Amarga kahanan kasebut, bocah kuwi di arani Roro Anteng.

Ing umure kang wis remaja, Rara Anteng dadi bocah kang ayu banghet. Metu jelas saka raine Rara garis garis ayune.

Roro Anteng di Pinang Raksasa

Kaendahane Rara Anteng terkenal ing saben daerah. Akeh putra raja sing nglamar, nanging padha di tolak.

Rupane Rara Anteng wis kepincut karo bocah lanang liya yaiku Joko Seger.

Apa maneh bapake Roro Anteng bisa nerima Joko Seger dadi calon mantune senajan Joko dudu golongane bangsawan.

Nanging banjur ana masalah yaiku nalika kabar kaendahane Roro Anteng kesebar tekan kupinge raksasa sing manggon ing sakitare lereng Gunung Bromo.

Raksasa sing kaya badhak kasebut jenenge Kyai Bima. Dheweke sekti, kuat lan kejem.

Barang krungu kabar kuwi kyai Bima langsung teka nglamar Roro Anteng. Yen karepe ora iso di turuti, dhusun lan saisine bakal di sirnakake.

Kahahan kasebut gawe Roro Anteng lan keluargane bingung nolak lamarane.

Dene Joko Seger ora bisa nindakake apa-apa amarga ora bisa nandhingi kekuawatan gaibe raksasa kasebut.

Syarat Pernikahan dari Roro Anteng

Sawise mikir sedhela, akhire Roro Anteng nemu cara kanggo nolak lamarane Kyai Bima kanthi alus lan sopan.

Dhewek bakal ngetrapake siji syarat sing bisa di tindakake dening raksasa kasebut.

“Inggih Kyai Bima! Kula bakal nampa lamarane panjenengan, nanging sampeyan kudu netepi siji syarat”. Ujar Roro Anteng.

“Apa syarate! Cepet kowe ngomongo!”. Dawuhe Kyai Bima kanthi swara nyentak.

Krungu swara kasebut, Roro Anteng dadi gugup. Nanging dheweke nyoba tetep tenang kanggo ngilangi rasa gugup.

“Gawekna kula telaga ing dhuwur Gunung Bromo! Yen panjenengan bisa ngerampungake sewengi, kula bakal nampa lamarane panjenengan Kyai”. Ujare Roro Anteng.

Kanthi yakin lan gawe kekuwatan gaib, Kyai Bima nyetujui syarat kasebut lan nganggep syarat kasebut gampang banget kanggo dheweke.

“Apa iku wae sing mbok pengeni Roro Anteng?” Pitakone raksasa kanthi nada angkuh.

“Inggih, nanging panjenengan kudu eling, kudu rampung sakderenge jago kluruk!”. Wangsulane Roro Anteng.

Krungu wangsulane Roro Anteng, raksasa kasebut ngguyu banjur mlayu menyang pucuk Gunung Bromo.

Tekan kana, dheweke wiwit ngeruk lemah nganggo tempurung klapa sing gedhe banget.

Siasat Roro Anteng untuk Menggagalkan Lamaran

Mung sawetara kerukan, dheweke wis kasil nggawe bolongan gedhe. Dheweke terus ngeruk lemah ing gunung tanpa leren.

Rara Anteng wiwit kuwatir, bareng wayah esuk panggaweane Kyai Bima wis meh rampung.

“Adhuh, cilaka aku! Raseksa kuwi pancen kuwasa. Apa sing kudu tak lakoni kanggo gagalake gaweyane?”. Ujare Rara Anteng.

Roro Anteng mikir maneh piye carane supaya raseksa kasebut ora iso netepi panjalukane.

Pungkasane dheweke mutusake kanggo nangikake keluawarga lan tanggane.

Wong lanang di dhawuhi ngobong jerami lan wong wadon di dhawuhi numbuk beras.

Ora suwe banjur ana cahya abang saka wetan. Swarane lesung muni bola-bali, banjur di susul swarane jago kluruk.

Ngerti pratandha yen esuk bakal teka, Kyai Bima kaget lan langsung mandheg anggone gawe sendhang sing meh rampung.

“Apes tenan! Jebule wis esuk. Aku gagal rabi karo Roro Anteng”. Tangise raksasa nesu.

Nalika Kyai Bima utawa reksasa metu saka puncak Gunung Bromo, dheweke mbalang bathok klapa sing isih di cekel.

Jarene bathok klapa mau ambruk banjur malih dadi gunung sing di arani jeneng Gunung Bathok.

Dalan sing di lewati reksasa mau dadi kali lan katon saiki isih iso di delok saka alas pasir Gunung Batok.

Telaga sing ora di rampungake Kyai Bima saiki di arani segara Wedi utawa segara pasir sing nganti saiki isih bisa di tekani ing tlatah Gunung Bromo.

Ngerti kabar yen raksasa gagal, Roro Anteng lan keluargane padha bungah. Raksasa mau lunga.

Pernikahan Roro Anteng dan Joko Seger

Ora suwe, Roro Anteng lan Joko Seger rabi. Sakwise rabi, Roro lan Joko mbukak desa anyar sing jenenge Desa Tengger.

Jeneng kasebut di jupuk saka gabungan pungkasane jeneng Anteng (Teng) lan Seger (ger). Wong kae urip seneng ing deso kasebut.

Ing pimpinane Joko Seger lan Roro Anteng, warga ing deso kasebut urip ayem tentrem.

Baca Juga : √ Cerita Legenda Sangkuriang dalam Bahasa Jawa

Bertapa untuk Memiliki Anak

Nanging sakwise rabi wis suweh, Joko lan Roro durung duwe anak. Akhire wong loro kuwi tapa ning puncak gunung Bromo.

Tapane amarga pengen duwe keturunan. Ora suwe banjur ana suara saka njero kawah Gunung Bromo.

“Bojoku, rungokno! Kayane Dewa wis ngijabahi kekarepane kita. Matur nuwun Gusti Agung. Mengko anakku sing ragil bakal dakpasrahake marang Gusti Agung”. Ujare Joko Tengger kanthi ati kang bungah.

Amarga seneng banghet, janji sing di omongake ora di pikir dhisik. Joko Seger sing kesusu ora ngrumangsani yen janjine bakal angel di tindakake.

“Bojoku, kowe ngomong apa? Kita ora bakal duwe ati ngorbanake anak kandung kanggo dadi sesaji”. Ujare Roro Anteng.

“Sepurane bojoku, amarga saking senenge aku ora mikir kanthi cetha. Nanging aku ora isa mbalekno apa sing wis tak ucapke dhateng Dewa. Dewa isa murka”. Wangsulane Jaka.

Roro Anteng dan Joko Seger Memiliki Anak

Taun ganti taun, kekarepane Joko Seger lan Roro Anteng wis kawujud.

Akhire dheweke duwe anak sepuluh. Sakwise duwe anak sepuluh, dheweke ora duwe anak maneh.

Mula, anak sing nomer sepuluh di anggep bocah paling ragil. Bocahe di jenengi Jaya Kesuma.

Suwe-suwe anake podho gedhe kabeh. Joko Seger lan Roro Anteng durung netepi janjine. Dadi uripe ora kepenak lan ora tenang.

Gunung Bromo Meletus

Ing sawijining dina, ana kedadeyan sing gawe kaget kabeh warga Tengger.

Gunung Bromo sing suci arep mbledos. Gunung kasebut ngetokake awu ireng lan lahar.

Sekabehane warga Suku Tengger padha gupuh lan langsung mlayu. Mung Joko Tengger lan keluargane sing isih ana ing panggon kono.

Sanadyan padha ngerti bebaya sing bisa di tindakake, dheweke nyoba ngati-ati ana ing desa kasebut.

“Bojoku, kayane Dewa pancen mblenjani janji”. Ujare Joko Seger.

Gupuhe Roro lan Joko dadi pitakonane anak-anake.

“Ana apa bapak lan ibuk kok kuwatir banget, yen wedi gunung mbledhos mesthi padha mlayu wiwit wingi”. Batine anake.

Akhire Joko Seger lan Roro Anteng nyritakake marang anak-anake kedadeyan pirang-pirang taun.

Krungu crita kuwi, anak-anake padha sedhih banget. Amarga kanggo netepi janjine, wong tuwa kudu kelangan adhine sing ragil.

Nanging yen ora netepi janji kasebut, para Dewa bakal duka lan bisa ngrusak kabeh suku Tengger.

Pengorbanan Jaya Kesuma

Kahanan iki kaya mangan woh simalakama, anak-anake ora ana sing wani ngomong.

Dumadakan anak sing ragil yaiku Jaya Kesuma matur marang keluargane.

“Bapak, ibu lan dulur-dulur sing kula tresnani, mugi-mugi Gusti Agung nampi kurban kula”. Ujare anak ragil Jaya Kesuma.

Apa sing di omong Kesuma gawe kaget lan sedhih sakabenahe keluarga.

Dheweke ora pingin kelangan wong sing di tresnani. Nanging, janji kudu di tepati kanggo katentremane suku Tengger.

“Aku mung njaluk eling karo lungaku. Tulung kirimen hasil  tetanen lan ingon-ingon menyang kawah Bromo saben tanggal 14 wulan Kasadha”. Ujare Kesuma.

Sakwise pamit marang keluargane, Kesuma banjur menyang puncak Gunung Bromo.

Ora ana rasa wedi ing raine. Kanthi gagah prakoso, dheweke banjur nyemplung ing kawah Bromo.

Awal Mula Tradisi Upacara Kasada

Sakwise Kesuma ngurbanake awake, Gunung Bromo katon ayem. Dheweke ngira yen para Dewa wis ora duka maneh.

Wiwit kadadean kasebut, tradhisi ngiri asil tetanen lan ingon-ingon ing kawah Bromo tetep ana nganti saiki.

Tradhisi iki di tindakak saben taun ing sasi Jawa Asyuro (Suro) banjur di arani tradisi Kasadha.

Unsur Intrinsik Legenda Gunung Bromo

Setelah membaca asal usul gunung bromo secara keseluruhan, selanjutnya kita dapat menganalisis unsur intrinsiknya.

Berikut unsur instrinsik cerita gunung bromo dalam bahasa Jawa.

Tema

Tema Cerita
Legenda Gunung Bromo ini bertema tentang suatu perjanjian. Seperti pada cerita, Rara Anteng tidak dapat menepati janjinya dan berbuat curang agar tidak dapat menikahi Kyai Bima.

Suatu ketika Rara Anteng dan suaminya membuat perjanjian kembali dengan para Dewa.

Namun, kali ini Rara Anteng tidak dapat mengelaknya. Sehingga anaknya yang terakhir harus di korbankan ke kawah Gunung Bromo.

Tokoh

Tokoh Cerita
Ada beberapa tokoh utama dalam cerita rakyat asal usul Gunung Bromo, antara lain adalah Roro Anteng, Joko Seger, Kyai Bima, Jaya Kesuma.

Roro Anteng di gambarkan sebagai wanita yang sangat cantik dan baik hati.

Namun di lain sisi, Roro dapat berbuat curang dan mengingkari janjinya agar tidak menikahi orang yang tidak di cintai.

Joko Seger di gambarkan sebagai laki-laki yang tampan, gagah, bertanggung jawab dan bijaksana.

Namun, Jaka seger seperti manusia pada umumnya yang memiliki kelemahan yang terkadang berjanji tanpa berpikir ke depannya.

Seperti ketika Joko terlena karena kesenangannya yang akan memiliki anak. Sampai dia lupa membuat perjanjian untuk mengorbankan anak terakhirnya.

Kyai Bima adalah sosok antagonis dalam cerita yang berwujud seorang raksasa. Sifatnya pemarah, kejam dan ingin menang sendiri.

Kyai Bima tidak segan untuk mengancam orang lain agar mendapatkan apa yang di inginkan.

Hal ini di gambarkan ketika Kyai Bima hendak meminang Roro Anteng. Jika pinangannya tidak di terima maka Kyai Bima tidak segan menghabisi warga sekitar gunung Bromo dan merusak desanya.

Karena itu dengan bijaksana Roro memberikan syarat agar di penuhi Kyai Bima.

Jaya Kesuma adalah anak terakhir Roro Anteng dan Joko Seger. Tokoh ini di gambarkan sebagai anak yang bijaksana dan rela berkorban demi kepentingan bersama.

Jaya Kesuma dengan gagah dan berani rela mengorbankan nyawanya dan menjalankan janji yang di buat kedua orang tuanya.

Pengorbanan yang dia lakukan yakni agar warga Suku Tengger lebih tentram dan damai karena janji kepada Dewa sudah di penuhi.

Latar

Latar Cerita
Latar tempat dalam cerita rakyat ini di sekitar Gunung Bromo yang berada di Provinsi Jawa Timur.

Juga di desa yang di dirikan Rara dan Jaka yakni Kawasan Tengger.

Latar waktu pada cerita ini adalah terjadi pada jaman dahulu yakni jaman Kerajaan Majapahit dimana masyarakatnya mempercayai para Dewa.

Alur

Alur Cerita
Asal usul Gunung Bromo ini memiliki alur maju. Ceritanya di mulai dari kelahiran Rara dan Jaka, hingga keduanya menikah dan memiliki anak.

Dari cerita itu juga di kisahkan konflik yang mereka hadapi hingga penyelesaiannya yang berakhir bahagia.

Sudut Pandang

Sudut Pandang
Sudut pandang dalam cerita ini adalah orang ketiga. Karena yang di ceritakan adalah kisah orang lain.

Amanat / Pesan Moral

Pesan Moral
Dari kisah ini banyak pelajaran yang dapat di ambil, yang paling menonjol adalah tentang janji yang harus di tepati.

Sepahit apapun janji yang sudah terucap tidak dapat di tarik kembali. Mengingkari janji hanya akan menambah konflik yang lain.

Karena itu, janji harus di tepati sepahit apapun itu. Meskipun butuh pengorbanan, agar lebih tenang janji harus di tepati.

Demikianlah legenda gunung bromo yang menceritakan kisah Roro Anteng dan Jaka Seger sebagai asal mula terjadinya tradisi upacara kasada di Tengger.

Semoga kita semua dapat mengambil hikmah dan pesan moral dan kisah tersebut.

Tinggalkan komentar


The reCAPTCHA verification period has expired. Please reload the page.