Cerita Rakyat Jaka Kendil dalam Bahasa Jawa Beserta Unsur Intrinsiknya

Legenda Joko Kendil berasal dari daerah Jawa Tengah. Kendil adalah salah satu alat rumah tangga yang fungsinya untuk memasak nasi atau sebagai wadah.

Cerita ini tentang seorang anak raja yang terkena sihir. Yaitu kepalanya berbentuk kendil atau panci.

Kutukan tersebut akan hilang ketika Jaka Kendil bertemu dengan seorang putri raja yang tulus dan menerima apa adanya.

Akankah Jaka Kendil bertemu dengan putri yang tulus menerimanya? Bagaimana kisahnya? Berikut cerita lengkapnya dalam bahasa jawa.

Asal Usul Jaka Kendil

Ing Kerajaan Ngambar Arum dhaerah Jawa Tengah, ana Raja jenenge Asmawikana. Raja kasebut duwe permaisuri jenenge Prameswari lan duwe selir jenenge Dewi Dursilawati.

Raja Ngambar ora duwe putra sing bakal nerusake tahta kraton Ngambar. Kahanan kasabut gawe Raja sedhih banget.

Sabenere, Prameswari wis ngandhut kaping pindho nanging ora iso slamet amarga ana sing ngekei racun.

Selir Dursilawati yaiku wong kang sing menehi racun maring panganan utawa ngombene ratu Prameswari.

Dheweke iri lan ora pingin yen anake Prameswari sing nerusake tahtah Kerajaan Ngambar.

Dursilawati pingin anake dheweke mengko sing di lahirake dadi putra mahkota nanging dheweke ora ngandhut.

Ing salah sijining dino, Raja Asmawikana lungguh lan ngerasa curiga maring Dewi Dursilawati yaiku selire dewe.

“Opo iya sing ngeracun Prameswari iku Dursilawati?”.

Wiwit kuwi, Raja luwih ngati-ati marang panganan lan ngombene Ratu Prameswari.

Sakabehane dayang di kongkon ngawasi apa wae sing di pangan Prameswari nganthi ati-ati.

Lan kudu mriksa sakabehane panganan sing arep di pangan lan di ombe Ratu Prameswari.

“Dayang-dayang ing istana iki, Elinga! Ratu Prameswari ora oleh mangan lan ngombe tanpa sangertine kowe. Kowe ya kudu ngati-ngati menehi Ratu panganan! Priksaen kabeh panganan lan ombenan kuwi!”. Ngendikane Prabu Asmawikana.
“”Inggih kanjeng”. Wangsulane dayang kanthi bebarengan.

Sawise iku, kabeh panganan gawe Ratu Prameswari di wenehake sawise di prikso marang dayang kerajaan.

Amarga iku, Dewi Dursilawati ora iso ngeracun Prameswari maneh.

Kejahatan Selir Raja

Nanging selir Dursilawati ora kentekan akal, dheweke duwe akal yen arep menehi sihir marang bayi ing rahime Ratu.

Dheweke menyang dhukun lan jaluk tulung supaya bayi ing rahime Prameswari dadi wong kang cacat.

“Mbah dhukun, tulungen aku! Aku arep jaluk supaya bayi sing ana ing rahime Ratu Prameswari ora dadi bocah kang normal!”. Jalukane Selir Dursilawati

Dhukun kuwi menehi opo sing di jaluk Dursilawati. Lan dadiaken jabang bayi sing ana ing rahime Ratu dadi bocah cacat.

Kelahiran Jaka Kendil

Sawise Dursilawati menyang dhukun, ora suwe Ratu Prameswari nglairake anak lanang.

Nanging ana sing gawe kaget sakabehane wong, utamane Raja Asmawikana.

Bayi sing di lahirake Ratu ora normal, sirahe gedhe kaya kendil utawa panci.

Nalika Prabu Asmawikana weruh anake lahir kanthi cacat, raja lan ratu sedhih banget.

Ratu nampa anak kuwi kanthi becik, nanging Raja Asmawikanan ora gelem nyawang anake.

Anak sing baru lahir kuwi di jenengi Joko Kendil lan di rumat ratu kanthi tresna lan ati sing seneng.

Pesan Pertapa untuk Raja

Sawise weruh anake cacat, Raja mrintah pengawal kraton Ngasem ngundhang pertapa sing sakti kanggo delok rupane putrane sing ora normal.

Nganti sawijining dina, pertapa kang sakti kuwi ana ing kraton Ngasem ngadhep Raja Asmawikana.

“Pangapurane Gusti Prabu, nopo sing saget kulo tulung?”. Ujare pertapa.

Raja banjur nyritakake kahanan putrane sing lahir ora normal.

“Pertapa, apa sampeyan ngerti kena apa sirahe anaku rupane kaya kendil? Apa penyakite anaku iso waras?”. Raja takon nganthi ora tenang.

“Pangapuraning Gusti Prabu miturut kawruhe abdi, putrane Gusti Prabu kena sihir. Gusti Prabu kudu saget masrahaken putrane dateng mbah putri sing asmane Mbok Rondho”

“Mbah Putri wonten teng pinggir kali, cedhak panggone Prabu Dawud”.

“Ing sawijining dina sawisi putrane Gusti Prabu nikah kaliyan putri raja sing isa nerima opo onoke, putrane Gusti Prabu bakale dadi ksatriya sing gagah, wani, wicaksana lan apik rupane”. Wangsulane pertapa.

“Matur nuwun pertapa!” Ujare Prabu Asmawikana.

Sawise entuk nasihat saking pertapa, Raja Asmawikana ngirim utusan kraton lan ngirim putrane maring mbok Rondho.

Raja dhawuh marang pengawal liyane kanggo nyekel dhukun sing wis nyihir anake supaya di pateni.

Nanging dhukun kuwi wis ora ana ing umahe. Dhukune wis mlayu adoh saka deso kasebut kanggo nylametake awake.

Dewi Dursilawati wis matur marang mbah dhukun babagan penahanan sing di dhawuhi Raja.

Jaka Kendil Diasuh Mbok Rondho

Ing panggonan liya, utusane raja wis teka ning omahe mbok Rondho kanggo nitipake Jaka Kendil.

“Mbok Rondho, Gusti Prabu Asmawikana sampun dhawuh supaya masrahaken putrane dhateng mbok Rondho”.

“Kanggo matur nuwuni Gusti Prabu niki di tinggali emas lan permata kanggo urip Jaka Kendil lan mbok rondho mengko”. Ujare utusane Gusti Prabu.

Mbok Rondho nerimo Jaka Kendil kanthi rasa seneng. Jaka di emong kanthi rasa tresna nganti diwasa.

Wektu liwat kanthi cepet, Jaka Kendil wis diwasa. Nalika diwasa, Jaka luwih sering nulungi mbok rondho ing sawah.

Jaka kendil dadi bocah sing rajin, becik atine lan seneng nulung wong kang kasusahan.

Amarga sering nulung, sekabehane wong tresna maring Jaka Kendil.

Jaka Kendil Bertemu Putri Negeri Seberang

Ing salah sijining dina, Raja saka negara liya lelungan ngeliwati kali cedhak Dukuh Kasihan panggone Jaka Kendil lan Mbok Rondho urip.

Ing rombongan kasebut akeh anake raja kang ayu banghet. Ningali [ara anake Raja Negeri Seberang, Jaka Kendil langsung katresnan.

Dheweke terus delok putri raja kang ayu banghet lan mikiri putri kasebut.

Senajan rombongane raja wis bali meyang negarane, Jaka terus mikiri anak-anake raja.

Tengah wengi, wayah sore lan wayah isuk Jaka kelingan raine Putri raja sing ayu. Saben dina tansah mbayangna yen bakale ana ing ngarepe dheweke.

Jaka kendil pancen rumangsa tresna banghet marang Putri Ngapunten lan duwe niatan bakale nglamar.

Ana ing omah, dheweke nuduhake niate marang ibu angkate.

“Mbok, Jaka tresna marang anake putri raja negeri seberang . Si mbok arep nglamarke aku?” pitakone Joko Kendil.

Mbok Rondho kaget banghet krungu panjalukane anak angkate kuwi.

“Kowe ojho jaluk sing aneh-aneh to le! Kepriye Raja kuwi bakal nampa lamaranmu kanthi kahananmu kaya ngene iki. Kejaba iku, sing kowe tresnani anake raja.”

“Luwih becik kowe iso batalna niatmu, Jaka!” Pituture mbok rondho kanggo Jaka Kendil.

“Ora mbok, apa salahe nyoba dhisik” Jaka Kendil ndesek ibu angkate.

Wiwitane mbok rondho ora gelem nuruti panjalukane Joko Kendil. Nanging merga terus di desek, dheweke gelem nuruti panjalukane anake sing di tresnani.

Jaka Kendil Melamar Putri Negara Seberang

Mbok rondho langsung menyang kraton kanggo ngaturake kekarepane Jaka Kendil marang Prabu Asmawikana. Raja kang wicaksana kuwi setuju.

“Kulo mberkahi putraku marang anake raja negeri seberang. Nanging aku jaluk tulung, Mbok Rondho wae sing teka ing negeri sebrang nglamar putri Ngapunten”.

“Sekabehane kebutuhan kanggo nglamar putri raja bakal tak siapke lan ngirim pengawal kanggo ngiringi sampeyan”. Ngendikane Prabu Asmawikana.

Mbok Rondho ora nolak panjalukane Raja Asmawikana. Wayah dina sadurunge menyang nglamar, Joko Kendil donga marang Gusti Kang Agung supaya lamarane di tampa.

Amarga pandongane, bengine jaka kendil mimpi Raja negeri seberang nampa lamarane.

Raja negeri seberang ya ngimpi pisan lan delok dheweke mlayu menyang kendi.

Nalika kendine di wenehake marang putrine sing ragil yaiku putri Ngapunten.

Sawisi iku kendine dumadakan dadi ksatrian kang gantheng lan gagah perkoso.

Raja negeri seberang ya ngarep-ngarep yen mimpine bakale dadi nyata. Lan nyangka yen mimpi kasebut duwe pratanda kang becik.

Ing salah sijining dina, mbok rondho lan pengawale raja Asmawikana ana ing negeri seberang kanggo nglamar putri raja negeri seberang.

Mbok rondho lan rombongan gawa emas sing bakale di wenehake marang putri raja Negeri Seberang.

Mbok rondho enggal mbeberake maksude tekane yaiku arep nglamar putri raja.

Iki ndadekake raja negeri sebrang mikir apik sanajan dheweke delok rupane Joko Kendil sing aneh.

Nanging raja ing negara seberang ora gelem mutusake dhewe. Dheweke nawani lamarane marang anake kang ana telu.

Mung putri sing ragil yaiku putri Ngapunten sing gelem rabi karo Joko Kendil.

“Aku nampa lamarane Jaka Kendil. Saiki mbalika menyang negara kanggo ngirim berita apik iki menyang Raja Asmawikana!” Ngendikane Raja Seberang.

“Inggih, Gusti Prabu!” Wangsulane Mbok Rondho kanthi seneng.

Pernikahan Jaka Kendil dengan Putri Ngapunten

Sawisi lamarane di tampa, mbok rondho lan para utusane raja Asmawikana nyuwun bali kanggo ngabari raja Asmawikana.

Krungu kabar apik iki, Raja Asmawikana mrentah kabeh pengawale kanggo nyiapake pesta kawinane putrane.

Pesta kawinan Jaka Kendil lan Putri Ngapunten ana ing istana negara seberang.

Pestane di rayakake dening pagelaran seni lan tari. Undhangan sing teka saka macem-macem negara.

Nanging nalika Joko Kendil lan Putri raja mlaku arepe lungguh ing ngarep, sakabehane tamu undhangan dadi rame.

Akeh wong sing ora percoyo yen kawinan iki ora cocog. Merga Putri raja ayu banghet. Nanging Joko Kendil putrane Prabu Asmawikana wujude cacat yaiku sirahe podo kaya kendil.

Ing tengah acara kawinan, ana kedadean kang ajaib. Joko Kendil ora ana ing tengah acara. Putri lungguh dewe ana ing ngarep.

Dumadakan ing tengah pesta, ana wong enom sing gagah lan gantheng banghet.

Kabeh wong podo kesemseng lan seneng marang wong enom kuwi, utamane para cah wadon.

Bocah sing gagah kuwi mlaku ning ngarep lan lungguh ana ing pinggire Putri Ngapunten.

“Kowe sapa? Kok lungguh ing sandhingku?” takon putri Ngapunten.

“Aku iki bojomu Jaka Kendil” wangsulane pangeran kang gantheng.

Jaka Kendil nyritakake yen sirahe wujude kaya kendi iku merga kena sihir. Awake bakale bali normal yen ana putri raja sing tulus lan gelem rabi karo dheweke.

Putri Ngapunten kaget banghet krungu critane lan langsung ngrangkul bojone kanthi seneng.

Para undhangan ya padha kaget kabeh nanging padha seneng delok kahanan sing ajaib kuwi.

Sawisi iku kabeh wong podo nyadari yen Joko Kendil yaiku anake raja sing gantheng lan gagah.

Akhire acara kawinan kuwi dadi acara sing meriah. Kabeh undhangan padha bungah delok penganten sing wis dadi pasangan kang cocog banghet.

Jaka kendil lan putri Ngapunten uripe seneng sawise acara kawinan kasebut.

Jaka Kendil Menjadi Raja

Ora suwe sawise kawinan, Joko Kendil di angkat dadi raja kanggo gantiaken bapake yaiku Raja Asmawikana sing wis tuwo.

Sakabehane keluwarga karajaan podo bungah yen Jaka wis di angkat dadi raja. Kejaba wong siji sing ora seneng yaiku Dewi Dursilawati selire Raja Asmawikana.

Dursilawati ora seneng merga dheweke ora iso ngandhut anak sing di arepake dadi gantine raja.

Merga rasa iri kasebut, Dursilawati arep gawe cilaka bojone Jaka Kendil.

Nanging niate luwih disik di weruhi Raja Asmawikana saking arahane petapa.

Sahingga Dursilawati ora isa gawe cilaka bojene Jaka Kendil. Sawisi kuwi, dheweke mlaku menyang hutan merga ora wani di kei hukuman Raja.

Ing wektu iku, Dewi Dursilawati tibo lan melbu ing jurang, sahingga dheweke ora slamet lan mati ing jurang kasebut.

Unsur Intrinsik Cerita Rakyat Jaka Kendil

Setelah membaca isi cerita secara keseluruhan, kita dapat menganalisis unsur intrinsiknya.

Berikut unsur intrinsik cerita rakyat jaka kendil dalam bahasa Jawa.

Tema

Legenda Joko Kendil menceritakan tentang seorang anak raja yang terkena sihir yaitu kepalanya mirip kendil atau panci.

Sihir tersebut di sebabkan oleh selir ayahnya dan akan hilang ketika Joko Kendil berhasil menikah dengan putri raja yang meneri dia apa adanya.

Tokoh

Joko Kendil : sifatnya baik hati, suka menolong dan bijaksana.

Hal ini berdasarkan sikap Jaka yang senang membantu orang lain hingga dia di sukai banyak orang karna sifatnya yang baik.

Raja Asmawikana : bijaksana dan tegas.

Hal ini berdasarkan sikapnya yang mau menghukum dukun yang telah menyihir anaknya. Dan ketegasan dan kebijaksanaan ketika ingin menghukum selirnya.

Ratu Prameswari : baik hati dan penyayang.

Sikap ratu yang menyayangi anaknya yaitu Jaka Kendil meskipun memiliki kelainan menunjukkan bahwa dia baik hati dan penyayang.

Mbok Rondho : baik hati.

Hal ini karena sikap mbok rondho yang mau menerima dan mengasuh Joko Kendil meskipun memiliki tubuh yang tidak normal.

Dewi Dursilawati : jahat, kejam dan licik.

Sifat ini di tunjukkan ketika dia beberapa kali meracuni ratu agar kandungannya gugur. Serta kelicikannya untuk mengusir dukun agar kejahatannya tidak terbongkar.

Serta kekejamannya ketika dia meminta bantuan dukun untuk menyihir Joko Kendil dan memiliki niat untuk membunuh Joko Kendil.

Latar

Latar Tempat : Kerajaan Ngambar Arum, Kerajaan Negara Seberang, Hutan, Rumah Mbok Rondho.

Latar Waktu : Pada zaman dahulu, pagi, siang, malam.

Alur Cerita

Alur ceritanya maju karena menceritakan dari awal Jaka Kendil di lahirkan hingga dia tumbuh dewasa menjadi Raja Kerajaan Ngambar Arum.

Sudut Pandang

Sudut pandang orang ketiga karena menceritakan kisah orang lain.

Amanat / Pesan Moral

Pesan moral dari cerita Joko Kendil:

  • Jangan meremehkan seseorang hanya karena memiliki fisik yang tidak sempurna.
  • Setiap kekurangan manusia harus kita hargai, karena setiap orang tidak ada yang sempurna.
  • Jangan menilai seseorang dari luarnya saja, Jaka Kendil memang tidak sempurna namun dia memiliki sikap dan hati yang baik.
  • Pada akhirnya yang berbuat buruk akan mendapatkan balasaannya.
  • Buah dari kesabaran adalah kebahagian yang sangat luar biasa.

Tinggalkan komentar


The reCAPTCHA verification period has expired. Please reload the page.