√ Ringkasan Cerita Rawa Pening Bahasa Jawa Singkat

Rawa pening adalah salah satu objek wisata yang cukup terkenal di provinsi Jawa Tengah.

Selain keindahan yang di tawarkan rawa ini, rawa pening juga menyimpang legenda yang di percaya sebagian masyarakat.

Ada banyak versi dari legenda rawa pening, namun disini kami akan menulis dalam bahasa Jawa. Berikut cerita singkatnya.

Asal Mula Naga Baru Klinting

Ana dushun jenenge Ngasem, kecamatane Ambarawa lan ana ing Kabupaten Semarang.

Ing dhusun Ngasem ana padhepokan sing kondhang. Jeneng guru padhepokan kasebut yaiku Ki Hajar Salokantara.

Ki Hajar duwe sifat sing wicaksana. Ana salah sijine murid padhepokan kang ayu banget, jenenge Ni Endhang Ariwulan. 

Ing salah siji dono, Ni Endhang bingung golek peso sing biayasane di gawe nyigar pinang. Pinang kuwi biasane di gawe sesajen wayah dalu.

Kanthi kapeksa, akhire Ni Endang matur marang Ki Hajar supados iso nyilih pesone Ki Hajar.

Ki Hajar gelem nyilihi peso, mergo waktune wis mepet. Nanging kudu ngati-ati gowo pesone. Ojho sampek di salah gunakne lan ojho di deleh ing pangkon.

Ni Endhang setuju syarate Ki Hajar. Nanging dheweke kesupen, pesone di deleh ing pangkon. Saknaliko iku pesone langsung ilang.

Ni Endhang rumangsa salah lan radha wedhi, dheweke ngadep Ki Hajar.

Sawise matur, Ki Hajar ora nesu. Lan dawuh yen peso iku sakjane ora ilang. Nanging peso iku ana ing jero wetenge Ni Endhang.

Ing satunggali dino Ni Endhang bakale meteng. Saking welas asih supados Ni Endhang ora dadi aibe dhusun,  Ki Hajar rabi karo dheweke.

Ni Endhang lan Ki Hajar rabi kanthi meneng-meneng ben ora ono warga sing ngerti. Sakwisi iku Ni Endhang urip ana ing dhusun kang sepi.

Baca Juga : √ Cerita Rakyat Bahasa Jawa Danau Toba Singkat

Lahirnya Naga Baru Klinting

Ing dhusun kasebut, Ni Endhang urip dewe nganti anake lahir. Ki Hajar matur yen arep tapa brata ing Redi Telamaya supados kuthukane peso sakti ilang.

Lan ngekei piranti sing wujude klinthingan. Klinthingan kui mengko kudu di kalungke ing jabang bayi minangka bukti yen bocah iku putrane Ki Hajar.

Ora suwe jabang bayine Ni Endhang lahir, nanging wujude Naga. Polahe bayi naga kuwi podo kaya bayi liyane yaiku iso nangis lan ngucap.

Wiwitane Ni Endhang radha wedi, nganti suwe dheweke welas lan trena marang anake.

Senajang wujude naga, bayine di openi Ni Endhang kanthi rasa tresna nganti bayine diwasa. Anake Ni Endhang sing wujude naga di jenengi Baru Klinting.

Perjalanan Bertemu Ayahnya

Nalika diwasa, naga wau takon marang ibuke sopo jeneng bapake lan ana endi saiki.

Ni Endhang ngomong yen bapake jenenge Ki Hajar, saiki lagi tapa brata ing Redi Telamaya.

Naga Baru Klinting arep nyusul bapake sing ana ing Redi Telamaya. Ni Endhang banjur ngalungke klintingan saking Ki Hajar, ben naga baru klinting di akoni anak karo Ki Hajar.

Ni Endhang ya melu Baru Klinting nyusul Ki Hajar mergo panggone adoh. Ibuke lan baru klintting lewat kali, banjur leren ing Selo Sisik.

Sawisi iku mlaku maneh ing ngambah rawa lan liwat Kali Agung. Sawisi iku leren maneh ing Selo Gombak.

Dino, wulan lan tahun wis di liwati, Baru Klinthing isih nyoba nemoni bapake kanthi semangat.

Saking adohan Ni Endhang ngetutne Baru Klinting sing wis ketemu panggone Ki Hajar tapa. Ni Endhang manggon ing cedeke sendhang utawi danau.

Sendhang panggone Ni Endhang manggon kasebut Sendhang Ari Wulana.

Baru Klinting Bertemu Ayahnya

Ki Hajar kaget delok naga ing pertapaan, naga Baru Klinting ngormati Ki Hajar yaiku bapake dewe.

Ki Hajar ngerteni yen naga kuwi ora olo, nanging naga kang duweni ati apik.

Naga baru klinting tanglet Ki Hajar Salokantara opo bener iki dhusun Tamemaya?. Ki Hajar sing kaget yen naga iki iso omong, jawab iyo. Baru klinting seneng banget, banjur ngomong menawi Ki Hajar iku bapake dheweke sing wis di goleki.

Baru klinting banjur sujud ing ngarepe Ki Hajar, nanging Ki Hajar ora langsung percoyo yen dheweke iku anake.

Ki Hajar menehi pitakon, sopo ibumu? lan asalmu teka ndi?. Ujare Ki Hajar.

“Ibuku jenengen Ni Endhang Ariwulan asale dhusun Ngasem”. Wangsulane Baru Klinting.

Baru Klinting uga ndudokne klinting Ni Endhang sing di wenihi Ki Hajar. Nanging Ki Hajar ngomong yen klinting iku durung cukup buktikno Baru Klinting anake Ki Hajar.

Supoyo di anggep anake Ki Hajar, ana syarat sing kudu di lakoni Baru Klinting yaiku kudu nglakoni tarak brata.

Tarak brata yaiku mlungkeri gunung Kendhil. Ki Hajar ngetutne Baru Klinting, nanging ora di ngerteni. Baru Klinting mlungkeri Gunung Kendhil, nanging buntute ora iso nyatu lan kurang sak kilan.

Baru Klinting banjur nambahi karo ilate, Ki Hajar banjur mlumpat lan nugel ilate naga iku.

Baru Klinting kelaran, Ki Hajar maturi yen kirangan ora iso di tutupi damel ilat. Ilat niku pusaka sing ora ana tandingane.

Baru Klinting banjur nerusne tarak brata, ilate di damel pusaka sing wujude tombak kyai Baru Klinting.

Wulan lan tahun wis di lewati, awake Baru Klinting sing mlungker ora ana lan ora iso di delok. Sing ana namung suket lan wit-witan alas.

Asal Usul Rawa Pening

Ana salah sijining dhusun jenenge dhusun Pathok. Pathok yaiku dhusun kang “gemah ripah loh jinawi“.

Nanging warga ing dhusun Phatok ora duwe rasa syukur marang Gusti Allah.

Ing sawijining dina, dhusun Phatok lagi ngadakake pesta panen raya. Salah sijine warga arep mecah woh pinang gawe campurane susur.

Anggone mecah yaiku di tataki wit kang tuwek lan warnane ireng banget. Jebule wit kayu iku awake naga Baru Klinting.

Awake Baru Klinting sing rupane naga ulo di kethok-kethok gawe pesta. Ora nyana, sukmane Baru Klinting ngetutno salah sijining warga dhusun Pathok.

Sukmane Baru Klinting jelmo dadi wong sing ganteng, gagah nanging radha reget, jenenge Jaka Bandung.

Pas lagi ana pesta, Jaka Bandung jaluk panganan, nanging di usir warga.

Jaka banjur mlaku ning dalan kalih mbok rondho. Mbok rondho nakoni Jaka, ngopo kuwi kok ketok lesu.

Jaka banjur nyritakake kedadean mau sing di usir warga mergo jaluk panganan ning acara pesta.

Mbok rondho ngajak Jaka ning omaha lan di wenehi mangan. Mbok rondho cerito ing dhusun pathok kuwi tandurane podho subur, wargae sugih-sugih.

Nanging podho serakah kabeh lan medhit. Mbok Rondho yo ora di undang ing pesta kuwi mergo ora sugih utawa mlarat lan rupane elek.

Sakwisi mangan, Jaka pesen maring Mbok Rondo yen ana suara gemuruh, mbo Rondo kudu melbu lesung, gowo enthong lan gowo keperluane sacukupe.

Lajeng Jaka Bandung budal ning pesta mane lan jaluk panganan mane. Nanging pancet wae ora di kei panganan lan di ilok-ilokne karo sekabehane warga sing ana ing pesta.

Akhire Jaka nantang sopo sing iso njabut sada sing mau di sembah ping pitu. Nanging ora ana sing iso njabut sadae.

Kabeh wong dhusun Pathok podo ngguyu karo tantangane Jaka Bandung. Bocah-bocah padha di kongkon narik sada kasebut. Nanging anehe ora ana sing iso njabut sada kasebut.

Banjur wong diwasa maju kanggo nyoba tantangane Jaka Bandung. Siji utawa loro wong podho gagal, mula dheweke nyoba narik sada kasebut bebarengan nanging gagal.

Jaka Bandung sing sukmae di isi Baru Klinting banjur nyentak. “He sakabehane wong dhusun Pathok, rungokna! Aku iku naga gedhe sing di kethok banjur di pangan ing pesta!

“Nanging nalika aku teka jaluk sawetara daging, ora di wenehi merga aku ora katon kaya iki! Saiki aku teka lan bakal ngukum kowe kabeh.”

Wong desa padha ngerti kesalahane, nanging wis telat. Ing wektu sing padha, Jaka Bandung nyopot tongkat kasebut.

Saka bekas tongkat kasebut, mili banyu sing deres banget di barengi gemuruh kan banter. Banjir gedhe wis teka, kabeh desa lan wong desa padha klelep.

Sing slamet namung wong siji yaiku mbok rondho sepuh sing wis nulung Jaka Bandung.

Sumbere banyu sing gedhe kuwi isih ana nganti saiki yaiku sing jenenge Tlaga Rawa Pening.

Baru Klinting wujude dadi ula naga sing gedhe maneh lan manggon ana ningsore Tlaga Rawa Pening. Naga gedhe kuwi saiki dadi sing njaga Tlaga Rawa Pening.

Baca Juga : √ Cerita Legenda Bahasa Jawa Candi Prambanan Singkat

Unsur Intrinsik Rawa Pening

Setelah membaca cerita secara keseluruhan, maka kita dapat menganalisis unsur-unsur intrinsik cerita tersebut.

Berikut unsur intrinsik legenda rawa pening.

Tema

Tema Cerita
Legenda rawa pening bercerita tentang sikap yang kurang baik akan mendatangkan malapetaka.

Tokoh

Tokoh Cerita
Ki Hajar Salokantara : baik hati, sabar, bijaksana, senang menolong.

Ni Endhang Ariwulan : teledor, penyayang.

Baru Klinting / Jaka Bandung : baik hati, tidak gampang menyerah.

Mbok Rondho : baik hati, suka menolong.

Latar

Latar Cerita
Tempat : Dhusun Ngasem, Dhusun Pathok, Selo Sisik, Ngambah Rawa, Kali Agung, Selo Gombak.

Waktu : pagi, siang, malam.

Alur Cerita

Alur Cerita
Alurnya maju, karena menceritakan asal usul baru klinting sampai dia dewasa dan cerita akhir hidupnya.

Sudut Pandang

Sudut Pandang Cerita
Menggunakan sudut pandang orang ketiga karena menceritakan kisah orang lain.

Amanat / Pesan Moral

Pesan Moral
  • Jadi manusia harus berhati-hati karena jika teledor akan membawa dampak yang kurang baik.
  • Manusia harus memiliki rasa syukur agar hidupnya menjadi lebih indah.
  • Jadilah manusia yang rendah hati.
  • Kesombongan hanya akan membawa petaka untuk diri kita sendiri.

Nah, itulah ringkasan cerita rawa pening bahasa Jawa. Semoga pesan moral dalam cerita dapat tersampaikan dengan baik, sehingga kita dapat mengambil pelajaran berharganya.

Tinggalkan komentar


The reCAPTCHA verification period has expired. Please reload the page.