Contoh Pacelathon Bahasa Jawa dan Tegese Pacelathon

Dalam kegiatan sehari-hari sering terjadi interaksi antara satu orang dengan orang yang lain. Biasanya untuk berinteraksi satu sama lain dimulai dengan percakapan atau dialog sehari-hari. Seringkali seseorang menggunakan bahasa sehari-hari untuk berdialog, salah satunya adalah bahasa Jawa.

Dalam bahasa Jawa, percakapan atau dialog disebut dengan pacelathon. Penasaran bagaimana cara menulis teks pacelathon dan apa contohnya. Berikut akan kami bahas secara detail.

Pengertian Pacelathon

Pacelathon tegese omongan utawa rembugane wong loro utawa luwih babagan sawehening sebab. Isine teks pacelathon yaiku podo karo dialog utawa percakapan ing Bahasa Indonesia. Wong Jowo biasane ngatur pacelathon dening tata krama sing biasane diarani unggah-ungguh basa Jawa.

Kanthi unggah ungguh bahasa Jawa kang nyaman, kita biso nresnani lan ngajeni marang wong liya sing diajak guneman. Yen sing diajak guneman wong sing luwih enom, kita bakal nresnani lan guneman nganggo basa ngoko. Yen sing diajak guneman wong sing luwih tuwa, kita bakal ngajeni lan guneman nganggo basa sing lebih alus yaiku basa krama.

Pacelathon adalah pembicaraan atau percakapan anatara 2 orang atau lebih karena beberapa alasan. Isi teks pacelathon sama dengan dialog atau percakapan dalam bahasa Indonesia.

Orang Jawa biasanta mengatur tata krama dalam percakapan dengan unggah ungguh bahasa Jawa. Dengan menggunakan tata bahasa yang nyaman, kita dapat menyayangi dan menghormati orang lain yang di ajak bicara.

Jika yang di ajak bicara lebih mudah, kita bisa menyangi dan berdialog dengan bahasa ngoko.  Jika yang di ajak berbicara orang yang lebih tua, kita akan menghormati dan berbicara dengan menggunakan bahasa yang lebih halus, yaitu bahasa kromo.

Langkah Menulis Teks Pacelathon

Ngrakit teks pacelathon adhedhasar tema, trap-trapane nulis teks pacelathon yaiku:

Merakit teks pacelathon berdasarkan tema, langkah-langkah menulisnya yaitu:

Nemtokake tema

Yen tema kejembaren diciutake dadi anak tema, umpamane “Gemi Nggunakake Energi” diciutake dadi:

  • Ngirit setrum setrika listrik
  • Ngirit setrum lampu.
  • Ngirit setrum mesin cuci
Jika tema terlalu panjang dapat dijadikan anak tema, misalnya “Hemat menggunakan energi” di singkat menjadi:

  • Hemat energi setrika listrik
  • Hemat energi lampu
  • Hemat energi mesin cuci

Panelusuran informasi

Panelusuran kanggo informasi babagan tema utawa topik obrolan (bisa golek sumber saka buku, koran, majalah utawa internet).

Penelusuran informasi untuk tema atau topik percakapan (bisa mencari sumber dari buku, koran, majalan atau internet)

Nemtokake cacahe wong sing melu omong-omongan ing pacelathon

Tentukan orang yang terlibat dalam percakapan.

Nrembakakake tema sing dipilih dadi ukara

Diskusikan tema yang dipilih untuk menjadi kalimat.

Nulis teks pacelathon nggunakake tata tulis sing pener lan bener

Sajroning nulis pacelathon ana bab-bab sing kudu digatekake, yaiku ukara sing digunakake cudu saur-sauran (gentenan ngomong). Tembung sing kerep digunakake ing pacelathon: apa, sapa, kepriye, ing ngendi lan kapan.

Ketika menulis pacelaton ada beberapa bab yang perlu diperhatikan, yaitu kalimat yang digunakan untuk bergantian bicara. Kalimat yang digunakan pada percakapan yaitu: apa, siapa, bagaimana, dimana dan kapan.

Tips Memperagakan Teks Pacelathon

Nalika maragakake teks pacelathon sing kudu di gatekake antara liya yaiku:

Pocapan kudu jelas

  1. Kudu genah lan cetha ngucapake endi swara jejeg lan endi sing swara miring
  • Genah ngucapake swara a jejeg, contone ing tembung: kara, dhadha, ana, padha, warna. Uga kudu bisa swara a miring umpamane ing tembung: panas, pangan, padhang.
  • Genah ngucapake swara i jejeg, contone ing tembung: rugi, mudi, siji, dadi. Uga kudu bisa swara i miring umpamane ing tembung: aking, becik, bulik.
  • Genah ngucapake swara u jejeg, contone ing tembung: bayu, pitu, sapu. Uga kudu bisa swara u miring umpamane ing tembung: luhur, bubur, libur.
  • Genah ngucapake swara e jejeg, contone ing tembung: rene, sate, sare. Uga kudu bisa swara e miring umpamane ing tembung: kethek, elek, apem.
  • Genah ngucapake swara o jejeg, contone ing tembung: karo, sawo, pindho. Uga kudu bisa swara o miring umpamane ing tembung: kathok, pelok, wedhok.

2. Swara aksara t, th, d, lan dh kanthi bener

  • Bisa ngucapake aksara t kanthi nggathukake pucuk ilat ketemu pucuk ilat, tuladhane: untu, pokat, kintir. Uga kudu bisa ngucapake aksara th diucapake kanthi nggathukake pucuk ilat ketemu cethak ing alat ucap, umpamane: bathuk menthok.
  • Bisa ngucapake aksara d kanthi nggathukake pucuk ilat ketemu pucuk untu, tuladhane: duren, dodol, madu. Uga kudu bisa ngucapake aksara dh diucapake kanthi nggathukake pucuk ilat ketemu cethak ing alat ucap, umpamane: dhada, gerdhu lan wadhuk.
Ketika memperagakan teks percakapan yang harus diperhatikan antara lain:

Pengucapan harus jelas

1. Harus nyaman dan jelas untuk mengucapkan mana yang suara tegak dan mana yang suara miring

  • Harus jelas mengucapkan suara a tegak, contohnya pada kata: kara, dhadha, ana, padha, warna. Juga harus bisa mengucapkan suara a miring seperti pada kata: panas, pangan, padhang.
  • Harus jelas mengucapkan suara i tegak, contohnya pada kata: rugi, mudi, siji, dadi. Juga harus bisa mengucapkan suara a miring seperti pada kata: aking, becik, bulik.
  • Harus jelas mengucapkan suara u tegak, contohnya pada kata: bayu, pitu, sapu. Juga harus bisa mengucapkan suara a miring seperti pada kata: luhur, bubur, libur.
  • Harus jelas mengucapkan suara e tegak, contohnya pada kata: rene, sate, sare. Juga harus bisa mengucapkan suara a miring seperti pada kata: kethek, elek, apem.
  • Harus jelas mengucapkan suara o tegak, contohnya pada kata: karo, sawo, pindho. Juga harus bisa mengucapkan suara a miring seperti pada kata: kathok, pelok, wedhok.

Intonasi

Intonasi tegese iramane ukara. Intonasi yaiku rendhet cepete lan aluse pocapane tokoh nalika naturake tembung lan ukara sajerone pacelathon. Pocapane intonasi kudu pas.

Intonasi adalah iramanya kalimat. Intonasi yaitu cepat lambatnya pengucapan atau pelafalan tokoh ketika mengutarakan kata dan kalimat dalam percakapan. Pengucapan intonasi harus pas.

Polatan

Polatan uga diarani mimik wajah utawa ekspresi ing basa Indonesia. Polatan (ekspresi wajah) kudu jumbuh karo isine pacelathon.

Polatan disebut mimik wajah atau ekspresi dalam bahasa Indonesia. Mimik wajah harus sesuai dengan isi percakapan.

Gestur

Gestur mujudake tingkah polahe utawa solah bawane paraga kang  jumbuh karo isine pacelathon.

Gestur adalah wujud tingkah laku pemain yang sesuai dengan isi teks percakapan.

Kumpulan Contoh Pacelathon

Berikut beberapa contoh teks percakapan bahasa Jawa antara 2 orang, 3 orang dan antara ibu dan anak.

Contoh Pacelathon Bahasa Jawa 2 Orang

Pak Kades : Sar, gek ndang adus kana, iki wis jam nem lo!

Sardi : Nggih, Pak.

Pak Kades : Mengko budhale jam pitu, supaya ora kawanen!

Sardi : Wah, siyos dhateng Probolinggo, Pak?.

Pak Kades : Ya menyang BJBR sing Wisata Hutan Mangrove kae!

Sardi : Kok enjing-enjing bidhalipun kenging punapa ta, Pak?

Pak Kades : Wah elinga, saiki ngono kendharaan akeh banget, dalane rame ben mlakune ora banter-banter!

Sardi : Saking Kediri mriki ngantos Pobolinggo punapa tebih ta, Pak?

Pak Kades : Ya adoh Sar, ora cukup wektu petang jam!

Sardi : Menawi makaten mangga enggal bidhal kemawon, Pak!

Pak Kades : Sar, cepat mandi sana, ini sudah jam enam lo!

Sardi           : Iya, Pak.

Pak Kades  : Nanti berangkat jam tujuh, supaya tidak kesiangan!

Sardi            : Wah, jadi berangkat ke Probolinggo, Pak?

Pak Kades   : Ya ke BJBR yang Wisata Hutan Mangrove itu!

Sardi            : Kok pagi-pagi berangkatnya, kenapa Pak?

Pak Kades   : Ingat ya, sekarang banyak kendaraan, jalannya ramai dan supaya jalannya tidak ngebut-ngebut!

Sardi             : Dari Kediri ke Probolinggo jaraknya berapa ya Pak?

Pak Kades   : Ya jauh Sar tidak cukup waktu empat jam!

Sardi            : Kalau begitu, ayo segera pergi Pak

Ahmadi : Lho, kok mlaku Bud, kenek apa sepedhah montormu?

Budiman : Ya, Mad awit mung cedhak wae!

Ahmadi : Klebu njanur gunung kowe iku Bud!

Budiman : Karepku pancen pengiritan tur ya njaga kesehatan, Mad.

Ahmadi : Wow, dadine kowe iku mau ngira olah raga, ta?

Budiman : Ya, ngono ngira sinau ngirit energi lan njaga kesehatan.

Ahmadi : Apa sambung rakete karo mlaku?

Budiman : Ngene lo Mad, mlaku ngobahake kabeh perangane awak uga ora gawe polusi udara. Kejaba iku sing luwih wigati ngirit bahan bakar!

Ahmadi : Wah, yen ngono kena kanggo tuladha program irit BBM uga nyegah polusi udara.

Budiman : Bener Mad, kapan maneh yen ora wiwit saiki?

Ahmadi : Cocok banget kekarepanmu iku lan bisa nyuda macete dalan.

Ahmadi : Lho, kon jalan Bud, kenapa sepeda motormu?

Budiman : Ya, Mad karena dekat jaraknya!

Ahmadi : Seperti mendaki gunung kamu itu Bud!

Budiman : Menurutku memang pengiritan dan untuk menjaga kesehatan, Mad.

Ahmadi : Wow, jadi kamu itu menganggap olahraga ya?

Budiman : Ya, menganggap belajar hemat energi dan menjaga kesehata.

Ahmadi : Apa hubungannya dengan jalan kaki?

Budiman : Begini lo Mad, jalan kaki menggerakkan seluruh bagian tubuh juga tidak menimbulkan polusi udara. Kecuali itu lebih penting untuk menghemat bahan bakar!

Ahmadi : Nah, kalau begitu misalnya program hemat bahan bakar juga mencegah polusi udara.

Budiman : Benar Mad, kapan lagi kalau bukan dari sekarang?

Ahmadi : Ini sesuai dengan kebutuhan kamu dan dapat mengurangi kemacetan jalan.

Baskara : sugeng sonten, Pak Carik!

Pak Carik : Sore…O nak Bas.

Baskara : Inggih Pak, badhe nyuwun pirsa.

Pak Carik : Ya, kene lungguh kene!

Baskara : Badhe menika lo Pak, nyuwun stempel.

Pak Carik : Iya.. surat apa iki Bas?

Baskara : Dipun utus Pak, menika surat kagem pados KTP Pak!

Pak Carik : Wis iki mengko banjut nyang kantor kecamatan ya!

Baskara : Inggih Pak, matur suwun!

Pak Carik : Ya, ngati ati ing dalan!

Baskara : Inggih Pak.

Baskara : Selamat Sore, Pak Carik!

Pak Carik : Sore…O nak Bas.

Baskara : Iya Pak, mau minta sesuatu Pak.

Pak Carik : Ya, sini duduk disini!

Baskara : Begini Pak, mau minta stempel.

Pak Carik : Iya.. surat apa ini Bas?

Baskara : Dikirim Pak, ini surat untuk membuat KTP Pak!

Pak Carik : Wis iki mengko banjut nyang kantor kecamatan ya!

Baskara : Inggih Pak, matur suwun!

Pak Carik : Ya, ngati ati ing dalan!

Baskara : Inggih Pak.

Pacelathon Bahasa Jawa Ibu lan Anak

Ibu : “Ri,tulung tukokne gula lan teh menyang warunge Bu Dhini!”

Hudori: “Nggih, Ibu.”.

Ibu : “Tuku gulane sak kilo wae, ya? Iki takgawani duwit rong puluh ewu”.

Hudori : “Nggih, Ibu! Lajeng tehipun tumbas pinten?”

Ibu : “Gula sak kilo Rp 14.000,00. Teh sak bungkus regane Rp. 5.000,00. dadi teh entuk sak bungkus”.

Hudori : “Nggih bu, kulo mangkat niki dipunrencangi Mas Hasan”.

Ibu : “Ri,tolong belikan gula dan teh ke tokonya Bu Dhini!”

Hudori: “Iya, Ibu.”.

Ibu : “Beli gulanya satu kilo saja ya? Ini tak kasih uang dua puluh ribu”.

Hudori : “Iya, Ibu! Terus tehnya beli berapa?”

Ibu : “Gula satu kilo Rp 14.000,00. Teh satu bungkus harganya Rp. 5.000,00. jadi teh dapat satu bungkus”.

Hudori : “Iya bu, saya berangkat sekarang ditemani Mas Hasan”.

Contoh Pacelathon Bahasa Jawa 3 Orang

Syifa : Umbah umbah ah, seragamku kanggo sesuk kan durung tak umbah.

Hida : Yen umbah-umbah aja boros banyu lo ya!

Syifa : Kena apa?

Hida : Ya kudu ta, kan saiki banyu resik angel golekane, dadi kita ya kudu ngirit banyu

Putri : Bener iku Hida, kita kudu irit banyu saiki.

Syifa : lya wis, aku bakale ngirit banyu.

Putri : Koe weruh carane ngirit banyu?

Hida : Ya yen wis rampung umbah umbah krane banyu enggal di tutup. Siram siram karo banyu sisa wae. Uga banyu wudhu diwadhahi.

Syifa: Ooh ngono.

Putri dan Hida: lya.

Syifa : cuci baju ah, seragamku besok mau dipakai kan belum di cuci.

Hida : Kalau cuci-cuci jangan boros air lo ya!

Syifa : Kenapa?

Hida : Ya harus dong, kan sekarang air bersih sulit nyarinya, jadi kita harus hemat air

Putri : Benar itu Hida, kita harus hemat air sekarang.

Syifa : Ya sudah, aku akan hemat air.

Putri : Kamu sudah tahu cara hemat air?

Hida : Ya sudah kalau selesai cuci baju kran airya segera di tutup. Siram tanaman dengan air sisa saja. Bekas air wudhu juga ditampung.

Syifa: Ooh begitu.

Putri dan Hida: lya.

Pacelathon Krama Alus

Bapak : “Lagi apa ta ndhuk?”
Indah   : “Nembe sinau Pak, kaleresan menika wonten garapan wucalan Basa Jawi ingkang dereng kula mengertosi”.
Bapak : “Babagan apa ta ndhuk?”
Indah    : “Tegesipun nakdherek menika napa Pak?”
Bapak : “Nakdherek iku nakdulur sing tegese sedulur padha embah.”
Indah    : “Sedherek sami embah? Menapa kula kaliyan dhik Nana putranipun Pak Dhe Hadi menika ugi saget dipun wastani nakdherek?”
Bapak : “Iya bener nDhuk, lha wong Pak Dhemu kuwi rak kakange ibumu. Dadi kowe karo Nana iku nakdulur.”

Bapak : “Sedang apa Nak?”
Indah   : “Sedang belajar pak, kebetulan ini ada soal pelajaran Bahasa Jawa yang belum saya mengerti.”
Bapak : “Tentang apa Nak?”
Indah    : “Arti nakdherek itu apa Pak?”
Bapak : “Nakdherek itu sanak saudara yang artinya saudara dari satu kakek/nenek.”
Indah    : “Saudara satu kakek/nenek? Apakah saya dengan dik Nana putrinya Paman Hadi juga bisa disebut nakdherek?”
Bapak : “Ya benar Nak, pamanmu itu kan kakak ibumu. Jadi kamu dan Nana itu bersaudara.”

Teks Pacelathon Tentang Covid-19

Jika ada pertanyaan yang berbunyi “gawea pacelathon wong loro kang lagi nyritakake bab virus corona”, maka bisa menggunakan contoh percakapan bahasa Jawa berikut ini:

Dialog Bahasa Jawa antara Anak dengan Orang Tua tentang Covid-19

Atha: Pak, nyuwun ijin, kula badhe tindhak wonten dalemipun rencang. (Pak, aku mau minta izin, aku ingin pergi ke rumah teman.)

Bapak: Koe aja lunga-lunga sik tho, Le. (Kamu jangan pergi-pergi dulu, Nak)

Atha: Lha wonten menopo, Pak? (Mengapa memangnya, Pak?)

Ibu: Le, mulakno aja nonton sinetron karo dolanan game wae, pisan-pisan cobo nonton berita. (Nak, makanya jangan menonton sinetron dan bermain game terus, sekali-kali coba tonton berita.)

Bapak: Saiki lagi akeh sing terinfeksi virus corona, Le. (Sekarang banyak yang sedang terinfeksi virus corona, Nak.)

Atha: Virus corona niku menopo, Pak? (Virus corona itu apa, Pak?)

Bapak: Corona kui virus sing nginfeksi sistem pernapasan atas. (Corona itu virus yang menginfeksi saluran pernapasan atas.)

Ibu: Virus siji iki gampang banget nular, Le, kaya penyakit flu kae nanging gejalane luwih parah. (Virus satu ini mudah menular, Nak, mirip penyakit flu, tetapi gejalanya lebih parah.)

Atha: O njih, lha pripun cara ngertos menawi wonten tiang terinfeksi virus corona, Bu? (O iya, lantas, bagaimana cara kita megetahui bahwa seseorang terinfeksi virus corona, Bu?)

Ibu: Gejalane macem-macem, ana sing ringan, nanging ya ana sing parah. Biasane, uwong bakal panas tinggi, sesek, awak rasane pegel kabeh, mumet, watuk kering, lan lara tenggorokan. (Gejalanya macam-macam, ada yang ringan, tetapi juga ada yang parah. Biasanya, seseorang yang terinfeksi akan panas tinggi, sesak napas, terasa pegal sebadan, pusing, batuk kering, dan sakit tenggorokan.)

Atha: Wah, medeni njih, Bu. Dados, pripun cara ngindari virus corona? (Wah, menyeramkan, ya Bu. Jadi, bagaimana cara menghindari virus corona?)

Ibu: Ya salah sijine sing dilarang bapakmu mau, yaiku aja metu-metu sik. Sakliyane iku, awakdewe kudu nganggo masker, jogo jarak siji nganti loro meter, lan kudu kerep ngumbah tangan nganggo sabun. (Ya salah satunya seperti yang dilarang ayahmu tadi, yaitu jangan keluar rumah dulu. Selain itu, kita harus memakai masker, jaga jarak satu hingga dua meter, dan harus sering cuci tangan pakai sabun)

Atha: O njih, kados niku. Njih pun, kula mboten sios tindak mawon, Pak. (O, jadi seperti itu. Ya sudah, aku tidak jadi pergi saja, Pak.)

Bapak: Nah, ngono kui sing becik, Le. ( Nah, itu lebih baik, Nak.)

Atha: Njih, Pak. (Iya, Pak.)

Demikianlah kumpulan contoh teks pacelathon dan penjelasan lengkapnya. Semoga bermanfaat.

Tinggalkan komentar


The reCAPTCHA verification period has expired. Please reload the page.