Contoh Geguritan Tema Lingkungan Alam, Sekolah dan Rumah

Geguritan atau yang biasa disebut dengan puisi bahasa Jawa sama halnya dengan puisi pada umumnya yang mengusung tema tertentu.

Pada pembahasan kali ini, penulis hanya akan menyajikan geguritan bahasa Jawa tentang lingkungan seperti ajakan untuk menjaga lingkungan sekitar, menceritakan lingkungan sekolah, desa dan rumah.

Geguritan tema lingkungan seringkali dibacakan setiap tanggal 5 Juni yang bertepatan dengan peringkatan hari lingkungan hidup dunia.

Hal ini merupakan salah satu bentuk dukungan dalam melestarikan lingkungan sekaligus ajang berkampanye kelestarian lingkungan hidup.

Membuat geguritan lingkungan terbilang cukup mudah, mengingat tema lingkungan cakupannya sangat luas, sehingga pembahasannya beragam.

Nah bagi kamu yang berniat membuat geguritan bahasa Jawa tentang lingkungan, dapat memperhatikan contoh geguritan atau puisi Jawa berikut ini.

Geguritan Bahasa Jawa Tentang Lingkungan Alam

Berbicara tentang tema lingkungan tentu tidak lepas dengan pembahasan alam sekitar entah suasana alam lingkungan perkotaan maupun pedesaan yang berupa sawah maupun gunung.

Berikut beberapa contoh geguritan bertema alam :

Contoh Geguritan 1

Sawah

Sawah…

Lemahmu kang ombo

Warnamu kang ijo

Penak yen disawang

Sawah…

Anggonku nandur pari

Saben dino pak tani ngeramut kowe

Ana bekecot, ulo, tikus lan sapenunggalane

Sawah…

Yen ora ono kowe aku lan sakabehane manungsa ora bisa mangan sego

Saben panen beras ngelumpok akeh

Janjiku ora bakal ngerusak kowe

Contoh Geguritan 2

Esuk-Esuk

Esuk…

Esuk iki Gini, gimah, lan giman

Sakwisi sarapan nyeruput wedang

Maring sawah ora ngitung wayah

Tumandang ngawe buruh tani maring Bu Ambar

Mantun lan ndamel gubuk, tunggu manuk

Contoh Geguritan 3

Pesisir Wengi

Angin sumilir, lintang selaksa wulan anyuluh
Nipta hening ing pesisir
Senajan guruh ombak ora putus-putus

Nalika purnama manjer ing tengah langit
Ana rasa ngambang ing njero dodo
Lir angin kang nyusup dunyoku iki
Amok ombak njeroneng raga
Sirep dadi tentrem ing njero ndunya
Lego karya segoro
Setiya tanpo semoyo

Contoh Geguritan 4

Lintang Panjer Rahina

Nalika bumi isih sepi
Lintang panjer rahina wis tangi
Menehi Pepadhang sagung dumadi
Kang wiwit gumregah ngupaya rejeki

Para among tani wis ndalidir mecaki galengan
Mbok bakul sinambiwara wus sengkut makarya
Para ngulama tumungkul mengestu puja
Para santri wiridan ngaji

Jago kluruk sesautan
Melu tasbeh marang pangeran
Ndonya wis gagat rahina
Maringi kalodhangan janma ngupadi pangupajiwa

Contoh Geguritan 5

Malem Selasa Kliwon

Malem selasa kilwon
Kang gawa sakehe pitakon
Ing jagad tanpa payon
Para manungsa padha sesingitan.

Wengi iki tintrim
Wengi kang sepi
Angin kelangan laku
Kabeh kewan bisu.

Mendung sore mau, ilang
Kanthi gawa rintik-rintik,bubar
Hawa donya,kadya mulate dahana
Panas lan sumpeg ing jiwa.

Malem selasa kliwon
Apa bener, demit klayaban ?
Saenggo manungsa delik ing jero senthong
Supaya ora kadustho wewe gombel lan butho.

Malem selasa kliwon
Wengi kang tanpa rowang
Tanpa kanca, kanggo mbabar esem
Amung kathon peteng

Contoh Geguritan 6

Rembulan Tipis

Repepeh repepeh wus lumarap aneng tepine langit mangsa ketiga
Sang sitoresmi cemlurit ngabiyantara sedeku tumungkul konjem ing pertiwi
Sunare kebak pratandha rangu anggembol wadi kang kawekas
Lirih luruh ngarih arih angrerintih pocapane kasangkut pager wesi bebetenge rasa.

Wewadhul marang angin kang uga wus kalepyan ing janji
Amung pengin takon ana ngendi dununge prasapa kang wus tinali bakal dumadi
Napas-napas pangajab tansah ngesuk ing pambudi supaya anglari rakitane pradondi
Apa isih kudu semaya yen ta rembulan ndadari wus kapecak telung candra tanpa kandha.

Rembulan tipis ngempet tangis aneng kikising rasa kang wus kinalungan kalpika

Contoh Geguritan 7

Wengi

Sumber: titikdua.net

Sunare sang bagaskara wanci ngadepke surup
Katan branang warna lembayung
Katan endah yen sinawang
Kanti esem sumringah sang bagaskoro bali marang paturone.
Nganti nganti dina candake saperlu madangi jagat roya.

Wengi…
Tanpa sunar…
Peteng tanpa lintang
Kanti ati kebak miris
Sikil jumangkah metu ing latar.

Tak sawang…
Lintang rembulan katutup mega
Mega klawu kanti guya guyu nuduhke pangusane
Yen lintang rembulan rinengkuh tan bisa uwal
Jagat peteng nora kwasa opo opo.

Tintrim…
Atis…
Anggegirisi…
Alon aku lumebu
Ing batin aku mung bisa ngucap
Muga kahanan wengi iki bisoa gumanti parak esuk kang edi peni

Contoh Geguritan 8

Bumiku

Kabentang indahe bumiku
Tan katon ijo royo-royo
Para kewan pada manut mring ndarane
Ana ing sawah anggarap siti

Nanging, saiki ora koyo mbiyen
Nanging, saiki bumiku wis rusak
Koyo-koyo wis ora ana ijo-ijoan meneh
Karono ulahe manungsa

Leno marang wektu
Lan nglirwakake kewajiban
Marang gusti,
Sing akaryo jagad

Contoh Geguritan 9

Alam

Ati sing lara dadi waras
Yen ndeleng apike alam iki
Pikiran sing lesu dadi tuntas
Ndeleng ciptan sing Kuasa

Matur syukur marang Gusti
Sing wis nyiptake bumi iki
Lan saisine
Kita kudu ngrawat alam iki
Marang dunya kang luwih apik

Contoh Geguritan 10

Alam Kang Lestari

Bukit-bukit kang ijo
Sawah-sawah kang selak kuning
Swara alang-alang kang gumrising
Ndadikna atikku ayem lan tentrem

Wit – witan kang rindang
Embun kang nyejukake ati
Lemah kang subur lan gembur
Alamku, alam kang apik lan agung

Swara tetembangan manuk sing mabur
Swara banyu kang netes-netes
Angin kang sumrisik ngrasuk ati
Pancen lestantun alamku

Alam kang adhem hawane
Alam kang endah isine
Alam kang bisa nentremake
Iki alamku, alam kang lestantun

Geguritan Tema Lingkungan Asri

Lingkungan asri adalah lingkungan bersih, indah dan jauh dari pencemaran serta kerusahakan lingkungan.

Berada di lingkungan yang asri mungkin harapan semua orang. Maka tidak jarang yang menuangkan tema lingkungan asri ini dalam bentuk puisi.

Contohnya adalah puisi berikut ini yang menceritakan keindahan lingkungan asri. Penulis ingin mengungkapkan kekagumannya atas keindahan dan kebersihan sekitar.

Geguritan Lingkungan Asri I

Wit-Witan Pinggir Dalan

Aku mlaku, nanging mripatku nyawang sliramu
Aku mandheg, sliramu malah ngguya-ngguyu
Saya edhum…
Saya seger lan ngresepake ati….

Nalika ngaso, sliramu sing dak ampiri
Nalika kesel, sliramu sing dak gawe sambat

Pang-pangmu bisa gawe sendhenan
Godhongmu sing ngrembuyung kaya dadi payung alam
Ngresep panas sing teka..
Ngalangi udan sing moro..

Nanging atiku nangis..
Nyawang sliramu sing wis ilang dadi bangunan

Got padha mudhal yen udane deres
Nanging lemahe padha nela yen udane ora teka

Ora ana maneh sing nyerep panase sang surya
Ora ana meneh sing ngalangi derese udan
Lan,
Ora ana maneh panggon iyupan sing biasane dak ampiri

Saiki…
Dak terusake lakuku
Nalika tak sawang bangunan iku,
Aku kelingan marang sliramu…

Oh…
Wit-witan pinggir dalan…

Dak enteni bibit penerusmu…

Geguritan Lingkungan Asri II

Apike  Alam

Ati sing lara dadi waras

Yen ndeleng apike alam iki

Pikiran sing lesu dadi tuntas

 

Ndeleng ciptan sing Kuasa

Matur syukur marang Gusti

Sing wis nyiptake bumi iki

Lan saisine

 

Kita kudu ngrawat alam iki

Marang dunya kang luwih apik

Ati sing lara dadi waras

Yen ndeleng apike alam iki

Pikiran sing lesu dadi tuntas

 

Ndeleng ciptan sing Kuasa

Matur syukur marang Gusti

Sing wis nyiptake bumi iki

Lan saisine

Kita kudu ngrawat alam iki

Marang dunya kang luwih apik

 

Baca Juga : Geguritan Tema Pendidikan 

Geguritan Lingkungan Rumah

Membuat puisi jawa dengan tema lingkungan rumah bisa menjadi salah satu upaya meningkatkan kesadaran untuk menjaga lingkungan sekitar rumah.

Berikut contoh puisi jawa dengan tema lingkungan rumah:

Omahku

Omahku…
Mboten megah lan mboten mewah
Mboten magrong-magrong
Ananing saget kangge papan urip

Nalikane wang sekolah
Aku wangsul ten omahku
Disambut kalian bapak lan ibukku
Aku ugo saget leren ten kesel

Omahku pancen mboten gedhe
Ananging sanget ngelindungi saking panas
Saget ngelindungi saking udan
Omahku, istanahku….

Geguritan Tema Kerusakan Lingkungan

 

Contoh Geguritan Bahasa Jawa 1

Bumiku Sampun Sepuh

Dening: Frisca Ramadhani

Ora nyangka, ora nduga, ora krasa
Bhumiku iki uwis ora enom
Yuswa punjul saka 4.500 miliar tahun
Tua, tua banget

Duh Gusti…
Kula dereng siap
Sangu kula dereng cekap
Amargi tasih kathah luput kula
Luput marang panjenengan, luput marang sepadan

Gusti
Kula tasih pengen ngrasakke dadi wong gedhe
nyenengake bapak kaliyan ibu
ndue anak lan putu
nganti mbesuk bisa mantu

Contoh Geguritan Bahasa Jawa 2

Alamku

Alamku tansah nelongso…
Amergi menungso…
Sedanten wit ditegori…
Ngantos sami gundul sedanten…

Sitine podo nangis…
Amergi kapanasan…
Amergi mboten ditutupi
Kalih kabeh wit

Sedanten wit sami gundul
Ayo menungso sami-sami sadar
Podho ijoni wit-witanne
Supados alam mboten nelongso

Geguritan Tema Lingkungan Bersih

Njaga Lingkungan

Kaanggit dening: Fiaovi

lingkungan kudu dijogo
Supaya ora ono penyakit moro
Karesikan paling utomo
Amargo biso
Dadekake awak sehat lan tentreme dodo

Mulane dadi manungso
Kudu bisa tumindak becik ojo
Sampek tumindhak olo
Supaya lingkungan tetep ono
Supaya anak putu bisa ngrasakno
Lingkungan kang endah ing dunyo

Kito sedoyo
Kudu ngramut kelestarian lingkungan
Ben ora ono pandangan
Kang nyepetno mripat sing nyawang
Ben enak dirasakke lan disawang
Dening kabeh makhluk kang urip

Geguritan Tema Lingkungan Daerah

Teks geguritan dengan mengusung lingkungan daerah sekitar kamu juga ide tema yang bagus. Hal ini juga sebagai upaya mengenalkan obyek wisata daerah agar lebih  terkenal yang dikemas dengan bahasa kiasan dan indah.

Berikut contoh geguritan Jawa :

Contoh Geguritan Bahasa Jawa 1

Plesir Ing Purbalingga

Kaanggit Dening: Abbas CH

Udan gerimis lan uwis-uwis
Mbuang roso sebel sautawes
Nyambung tresno tanpo lamis
Ing Purbalingga sliramu wasis

Muga sirno cidro dino kepungkur
Murih ati tinanem roso syukur
Tresno muring keluarga nambah akur
Ing Guwo Lawa papan misuwur

Nadyan silarik bisa rinakit gurit
Ilang musno roso gelo lan sakit
Datan musno roso gelo lan sakit
Datan suka srei swara nyelekit
SMA Negri Karangdowo sangsoyo mlejit

Iki wes dadi tekat ing janji
Murih kabeh kadang sami nyawiji
Akur kuhur ngudi-budi pekerti
Siangkuyung sagung warga mesti

Syukurku maring Gusti Pangeran
Sagung warga tansah kasembadan
Tan mingkuh maring sewu pakaryan
Tangguh ing kewuh becik ing kewajiban

Contoh Geguritan Bahasa Jawa 2

Rawa Pening

Kanggit Dening: Fanny Kartika Fajriyani

Ngadeg jejeg ing tepining rawa
Suara endah angin krungu ana tainganku
Mecah kasunyian desa tepi rawa
angin kang sumilir
ana ing anatarane godhong-godhong
srenginge abang mbranang
saka kulon katon nyenengake
Nganti tibaning langit peteng

Angin ing kampungku sore iki
Prau-prau nelayan setya nunggoni tekane
diombang-ambingke ombak rawa
prau nelayan nggolek iwak ing padhanging rembulan
Praune katon katiup angin
Nanging nelayan kuwi ora wedi
amarga angin ombak dadi kancane saben dina

Petenge Wengi kang wis sepi nyeyet
Mbulan katon mlaku saka ngetan ke ngulon
Padhang mbulan madangi pelataran
Lintang-lintang katon gumebyar
kang ora kapetung driji
Madhangi Jagat kang uwis sepi

Contoh Geguritan Bahasa Jawa 3

Demak 

Kanggit Dening: scratchngpaint.blogspot..com

Kutha kenangan, kampung halaman
Kutha kang nduweni sejarah kerajaan
Senajan nganthi saiki para sejarawan kebingungan
Ngabuktiake tetinggalan kerajaan

Kasebut kutha wali
Amarga ana salah sawijining wai sanga
Kang anyebar agaa ana ing daerah iki
Sunan Kalijaga alias Raden Said asmane

Kutha kang dadi pusat penyebaran agama islam Ing tanah Jawa
Kapimpin dening Sultan Demak Raden Fattah
Raden Pati Unus lan Sultan Trenggana
Pejuang penegak agama Islam

 

 

Baca Juga : Kumpulan Contoh Puisi Bahasa Jawa

 

Geguritan Tema Lingkungan Sekolah

Geguritan dengan tema lingkungan sekolah merupakan pilihan yang tepat. Terutama ketika mendapat tugas sekolah untuk membuat geguritan.

Berikut beberapa contoh yang dapat kau jadikan referensi:

Contoh Geguritan 1

Sekolahku

Kaanggit Dening: Neiji Hyuga

Sekolahku…
Rupamu saiki duduk sekolah maneh
Nanging kowe saiki arupa panggonan kang rusuh
Kelas, pekarangan, pada karo kandange petek

Sekolahku…
Keadaanmu mulai bien ora berubah-berubah
Sampah-sampah sing kleleran tetep ora bisa di berantas
Kapan keadaanmu iso berubah… nasib… nasib…

Saiki sopo sing bisa di salahake…??
Tukang nyapu-nyapu wis di kerjo professional banget
Clotehan guru wis bekbanget ditokno
Lek ngno murid-e sing salah, ora bisa taat marang aturan

Jadwal wis digawekno lan ditempel ndek kelas
Kanggo murid supaya ngelasanakno tugas piket_e
Ora kanggo pajangan para cecek sing mrambat ndek tembok
Amarga iku laksanakno tugase dewe-dewe

Resik sekolahku
Enak belajarku
Konsen belajarku
Podo moro prestasine.

Contoh Geguritan 2

Sabtu Bersih

Kaanggit Dening: Neiji Hyuga

Dina Setu ing wanci enjang
Suasono Tasih katon Remeng
Katambah Kluruk pitik kang gayeng
Katon Siswa SMP kang Nggrengseng

Wanci Sekolah miwiti pasinaon
Katah siswa kang sami pitakon
Sabtu enjang kagem lingkungan kemawon
Kerja bakti resek pasinaon

Namung tekat saiyeg saeka kapti
Yambut gawe bareng kanthi senengen ati
Tansah sehat kang diupadi
Lingkungan sekolah kang tetep asri

Contoh Geguritan 3

Sekolahku 

kanggit Dening : Rio 

Sekolahku aman, ayu lan kepenak
Tanduran akeh ing kana
Tanduran tuwuh subur ing kana
Tukang kebon rajin ngresiki kebon

Dhuh sekolahku, jayalah
Aku ana ing mburi sampeyan
Bapak, ibu guru wonten ngajeng sampeyan
Kita bakal ndhukung sampeyan

Bocah-bocah sinau kanthi seneng
Wit-witan akeh woh-wohan
Kita maca buku ing perpustakaan
Kupu-kupu, manuk mesthi liwat

Geguritan Tentang Lingkungan Sosial

Puisi dengan tema lingkungan memang memiliki cakupan yang luas. Bisa menceritakan lingkungan yang asri, sekolah, rumah bahkan lingkungan sosial.

Puisi jawa dengan tema lingkungan sosial biasanya menceritakan tentang interaksi antara alam dengan hubungan masyarakat.

Salah satunya contohnya adalah yang tertuang dalam bait puisi berikut ini:

Lingkunganku

Pesonanipun ramah tamah lan menghangatkan..
Idahipun sumerep canda lan gujeng..
Gesangaken kawontenan sareng ceria..
Oh lingkungan sekitaripun ..
Teruslah kangge sami-sami bahu-membahu ..
Pandamelan sukarela mangga lampahi sareng .
Supados nyukani kenyamanan ..
Kula badhe tansah kados menika…
Njagi tilaran rumiyin ..
Njagi susana anget lan nyaman..
Njagi kesugihan alam luar biasa..
Kaliyan prasaja ..

Geguritan Tema Lingkungan Sekolah Adiwiyata

Selain mengusung tema lingkungan sekolah dalam arti luas. Kamu bisa menyederhanakan dengan mengambil tema sekolah adiwiyata.

Puisi berikut ini menceritakan tentang kegiatan warga sekolah dalam rangka menjaga lingkungan sekolah yang dinobatkan sebagai sekolah adiwiyata.

Sekolahku Adiwiyata

Sekolahku iki sekolah adiwiyata
Saben isuk kabeh warga sekolah padha ngeresiki lingkungan
Kembang-kembang podho disirami
Sekolahku iku sekolah adiwiyata
Wit-witan kang ijo ngekei ketentraman gawe sinau
Patuh marang peraturan iku penting ingkang ngajarake keresikan lan kedisiplinan..
Senajan sekolahku ing deso, namung ora kalah karo sekolah kutho
Iki sing dadi ciri sekolahku
Ana akeh wit-witan lan kembang kang ijo

Tinggalkan komentar


The reCAPTCHA verification period has expired. Please reload the page.

%d blogger menyukai ini: