Contoh Geguritan Tema Pendidikan Paling Lengkap

Geguritan tema pendidikan seringkali dibaca ketika memperingati Hari Pendidikan Nasional.

Tema geguritan ini memang cocok sekali dalam meramaikan hari nasional tersebut.

Macam macam geguritan dengan tema tersebut juga beragam, ada yang terdiri dari 1 bait, 2 bait, 3 bait bahkan 4 bait.

Kamu dapat menemukan contoh geguritan dengan membuat sendiri maupun mencari di internet.

Mencari geguritan di internet memang lebih mudah daripada menulis geguritan sendiri. Terlebih banyak sumber dan banyak yang dapat kamu temukan di internet.

Nah bagi kamu yang sedang mencari tuladha geguritan, di bawah ini ada beberapa contoh puisi jawa atau geguritan.

Geguritan Tema Pendidikan Nasional

Contoh geguritan ini dapat kamu bacakan pada saat peringatan hardiknas.

Mengigat geguritan berikut ini mengusung tema pengorbanan bapak pendidikan nasional yakni Ki Hajar Dewantara.

Berikut tuladha geguritan 4 bait tentang pendidikan:

Ki Hajar Dewantara

Ing adheme hawa

Walanda Sira panggah netepi setya

Nyawiji ing ngilmu

Ngugemi ing laku

Nyerat ing saben-saben wektu

Nalika ati krasa

Krungu swara jerite sedulur

Ing lemah pertiwi

Sira gumregah greget

Bali ing desa mijilmu

Nuswantara Suwardi Suryaningrat

Kondhang kanti asma Ki Hajar Dewantara

Putra kraton suguh bandha brana

Milih dadi satriya lelana

Manunggal sajroning rakyat jelata

Gugur dadi pahlawan negara

Minangka bapak Pendhidhikan Bangsa

Geguritan Tema Pendidikan Gatra Dawa

Sama halnya puisi pada umumnya yang jumlah bait dan barisnya beragam, puisi jawa juga demikian.

Untuk yang berikut ini merupakan contoh puisi Jawa dengan jumlah baris yang cukup panjang.

Contoh Geguritan 1

Reuni

Sawise lawas pisah
Ketemu wis padha dadi simbah
Rambut-rambut putih, pasuryan padha malih
Pethuk gapyuk rerangkulan nyuntak sakehing rasa kapang
Ati trenyuh mripat kekembeng luh

Wor suh karo rasa bungah
Guyu-guyu renyah kaya nalika isih bocah
Dhek biyen nate dadi sakukuban
Njur padha pisah dalan, nepusi lelakone sowang-sowang

Lungit angelangut, lam-lamen jaman kesaput pedhut
Nganti wancine srengenge dhoyong ngulon
Beja, dene isih bisa sapatemon
Dhuh Gusti ingkang Maha mirah
namung saged muji Syukur Alhamdulillah
Gene isih menangi kumpule balung pisah

Djoko Waluyo

Contoh Geguritan 2

Pamulangan

Jare simbah aku kudu sekolah
Kareben dadi bocah genah mrenah ora nggladrah
Jare rama ibu aku kudu sregep mangkat
Kareben dadi wong pangkat urip ora kesrakat mlarat

Jare bapak ibu guru aku kudu sinau
Tambah ilmu
Kareben kelakon kabeh kang tinuju
Nanging
prakanca, ….
coba delengen kahanan nyata
apa isih bisa pamulangan kang ana dadekake urip tumata

pamulangan kang tanpa tuladha
pamulangan kang kasatan piwulang
pamulangan kang ngajarake angka-angka wuta
siji lan siji ana pira?

Jare anut kang duwe kersa
Jan ora weruh subasita, trapsila, apa maneh tata krama
lali dosa…
kabeh lurung binarung kumalungkung
pamrih pamuji siji
Pamulangan ora aweh pepadang

Simbah,
Nyuwun pangapunten
Kula mboten kepingin dados dokter
Jalaran duite bapak mboten wonten sakoper

Rama,
Nyadong duka
Kulo mboten kapilut drajat pangkat
Jalaran ajrih sumpahing rakyat
Kang panggah mlarat sekarat

Bapak ibu guru,
Nyuwun donga pangestu
Mugi-mugi sedaya ilmu saged dados sangu

–Budhi Setyawan–

Contoh Geguritan 3

Arti Tekamu

Ing petenge arah lan langkahku iki
Panjenengan dados srengenge kangge uripku
Menehi sumunar cahya kanggo kabeh pengarepan
Panjenengan madhangi lurung-lurung kang buntu
Liwat sorotan cahya kang metu saka swara lan tuturmu

Ing kelas kang ayem tentrem iki
Aku nangkep artine panguripan
Mung marang panjenengan gegayuhan dipun taruhaken
Lan marang panjenengan pengarep kang luwih becik
Panjenengan Kang nemtokake nasib bangsa Paduka
Boten mokal kagem panjenengan
Mujudake generasi emas bangsa kang gemebyar ing pepeteng

Saben dina panjenengan nindakake kagiatan mulya iki
Rasa sabar uga rasa ikhlas ndampingi saben dina
Sakabehe ing donya ora bisa mbales jasamu
Yaiku jasamu kang iso nggawe bintang ing pepeteng
Kita ora bisa ngganti jasamu karo opo bae
Nanging, kita bakal nggawe panjenengan bangga
Jasamu bakal kita pangeti sajrone uripku
Bakal kita pengeti ing sajroning ati
Lan ora bakal lebur dening puteran wektu

Matur nuwun sanget, guru ingkang kula tresnani
Tanpa panjenengan bakal peteng ……
Lan amarga panjenengan urip dadi migunani

Puisi Bahasa Jawa Tentang Pendidikan

Cita Citaku

Esok awan wengi aku sinau
Kanggo nentoake cita-citaku
sedurung turu kula sinau
tangi turu kula nggih sinau

kula sinau sedina-dina
Nggo nyenengake wong tuwa
Ingkang sampun ndonga’aken kula
Supados nggapai cita – cita

Oooh… gusti
Paringana rido awak kula
Supados kula saged bakti negri
Adohana kulo saking godaan setan

Oooh.. gusti
Paringana kesametan wong tuwa kula
lan paringana kesehatan wong tuwa kulo
supados saged mriksani kulo sukses

-Kampungilmu-

 

Baca Juga : Contoh Geguritan Tema Lingkungan Alam, Sekolah dan Rumah

Geguritan Tema Pendidikan Guruku

Geguritan pendidikan tentu tidak lepas dari pembahasan tentang guru. Seorang guru merupakan kunci keberhasilan pendidikan.

Tanpa guru, pendidikan tidak dapat terlaksana. Oleh karena itu, dengan membawakan puisi tema guru di hari pendidikan akan sangat bagus.

Contoh Geguritan Bahasa Jawa 1

Perjuangan Guru

Sliramu tansah digugu lan ditiru
Marang kabeh muritmu
Atumu nora tahu nesu
Senajan aku tansyah kleru
Rupamu nyenengne ati
Pocapanmu ngademne ati
Tasah gemi nastiti, ngati-ati
Menehi elumu kanti tliti

Ora tahu ngraso suntuk
Anggonmu mulang wuruk
Supoyo muridmu nora ketubruk
Dadi wong pinter
Lan nora keblinger
Senajan kauripan nggadang nantang
Nanging tetep maju perang
Lan biso gayeng uripe
Ngrasakne jaman emase
Saka rekasane ing jaman biyene

Karya: Isti Mukarromah, Kebumen

Contoh Geguritan Bahasa Jawa 2

Guru Dalan Uripku

Nora ngiro, nora ngimpi
Gusti gawe lakuku saiki
Dadi abdining bumi pertiwi
Nggawe landep pikiring poro siwining negri

Kudu biso digugu lan ditiri
Digugu pocapanku
Ditiru tumindaku
Supoyo nora nggawe nacad jeneng guru

Nadyan kolo-kolo abang kuping iki
Merga tumindaking siwi
Daktampa kanti lilaning ati

Aja nganti sepi ing kawaruh
Aja pisan-pisan pikire landep dengkul
Cancut taliwanda
Adus kringet aku lila

Geguritan Tema Guru 3

Guru Ibarat Banyu

Ibarate banyu laut…
Senajan diombe wong akeh, nora bakal entek
Ibarate srengenge….
Cahyomu nora bakal entek
Senajan digawe ngucal wong sak ndonyo

Ono dokter, ono pulisi, ono dosen
Sopo sing ngajari?
Ana tentara, ono kyai, ono insinyur
Sopo sing ngajari?

Kabeh mau jasane guru
Kabeh iso moco, iso nulis, lan iso pinter
Amergo jasane guru

Karo sopo…
Aku biso balas budi marang panjenengan
Rasane nora ana
Sing nyonggo utang iki

Dening: Rafile Sukmawan

Geguritan Tema Guru 4

Sertifikasi Guru

Sertifikasi Guru
Kabeh wong wis padha krungu
Apa maneh ana kalangan guru
Nanging… kanthi sertifikasi guru mau
Apa bocah-bocah banjur mituhu
Ora wani karo Guru

Mugiya kanthi sertifikasi iki
Para siswa tambah bekti
Sinau ana sekolah kang mligi
Mantep, karep sajroning ati

Kanthi sertifikasi guru iki
Para guru ana kang ndaftar haji
Uga akeh kang tuku mersi

Nanging kang utama
Kanthi sertifikasi guru iki
Para siswa tambah prestasi
Lan bekti marang Ibu Pertiwi
Lan marang kang gawe urip pati

Karya : Aris Irianti

Contoh Geguritan Bahasa Jawa 5

Guruku Oborku 

Kadya ron garing
Kumleyang kabur kanginan
Ing jagat peteng lelimengan.

Krasa luwih abot
Anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
Mlakuku ora mantep.

Kagubet ribet lan ruwet
Adoh saka cahyamu
Pedhut ing sakindering pandulu
Panjenengan.

Guruku, sihku, oborku
Kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati.

Contoh Geguritan Jawa 6

Guruku

Wingi nalika sikil iki
Tumapak sandhuwure bumi
Durung paja-paja ngerti ha, na, ca, ra, ka
Alip, ba’, ta’, apa dene good morning teacher!

Lumakuning srengenge wis ganti
Panyawangku dadi padhang terawangan
Rasaku sangsaya … Ora bisa dakgambarake
Sih tresnamu nabet njanget
Sajroning atiku

Lamun tanpa panjenengan
Bisa apa aku nepaki bumi iki ?
Leladimu marang aku
Oora timbang karo piwalesku

Bu guru, pak guru jangkahku isih adoh
Uripku isih nyamut-nyamut
Sethithik setetes bun esuk iku wis cukup
Tinimbang banyu sekendhi
Marakake ati mati

Lepasen lakuku
Lilakna labuh labetmu
Dakumbare gagasanku
Sedyaku kasembadan
Donga pangestumu
Nuntun marganing sedyaku

–Sutapa, W.R–

Geguritan Tema Sekolah

Tuladha Geguritan Jawa Tema Sekolah 1

Warga Sekolahku

Sakjroning keselku ana esemu
Sekolah ku kuat tanpa sambat
Mung kanggo kamulyanku ing tembe mburi

Dadi murid warga kudu siap batin
Kudu siap awak, siap disiplin, sregep
Tanpo mikir rekasane awak
Siogo ngundi ilmu, siap nrima perintahe
Dawuh e bapak lan ibu guruGeguritan tema pendidikan, geguritan bahasa jawa, geguritan, puisi jawa

Tetep sabar ngadepi guru
Tetep kuat ngadepi akehe kewajiban
Lan kudu bisa nyingkiri wewalening sekolahku

Contoh Geguritan Tema Sekolah 2

Sekolahanku

Sekolahanku…
Panggonan anggonku golek ilmu
Sekolahanku…
Diwulang dening Bapak-ibu Guru

Sekolahanku…
Sinau, maca buku
Ing Panggonan iki
Aku diajari supaya karo wong tuwaku kudu bekti

Ing panggonan iki
Aku diajari marang kanca aja srei
Diparingi PR kanggo gladhen
Kanggo sangu urip ing tengahing bebrayan

Aku percaya…
Sanajan abot kudu dilakoni
Kabeh mau kanggo kepentingan pribadhi
kareben ngesuk dadi wong kang aji
miguna tumprap bangsa lan nagari

Geguritan Jawa Tema Sekolah 3

Sekolahku

Wiwit esuk tekan awan
Ngangsu Kawruh golek ilmu
Para Guru nggulawentah, kanthi sabar
Mulang lan ndidik para siswa kanthi gemi

Sekolahku
Panggonan nomer loro sawise omahku
Sekolahku
Di didik mring guru
Supaya dadi bocah kang mituhu.

-Dikutip dari teks geguritan Brainly-

Geguritan Pendek Tema Pendidikan

Geguritan Jawa 1

Tirakat

Jare tirakat
Lho, kok malah pada remi
Pojok kono remi
Sisih kono dangdutan
Lho, wiraneme
Malah ngedep botolan
Aku malah bingung
Apa yo tiraka kui
Nek ngendikane simbah..
Jare prihatin
Manekung marang Gusti
Nyepi selo rame
Yoo yooo
Tak tinggal, nyngkir wae.

Geguritan Jawa 2

Senajan Ketok Nakal

Senajan nyekel buku wae ngantuk
Gayane nyekel rokok neng ngarep kanca-kanca
Ben diarani sangar
Metu bengi-bengi jalan-jalan karo pacar
Ben diarani payu

Nanging ana krenteg atine
Pengen banget bisa sukses
Isa oleh ipk kumlot
Isa gage olih kerja sing bener

Kuwi awakmu nang
Kang ora bisa nahan nafsu senenging donya
Nanging aku salah
Awakmu iki
Saiki wis isa nahan nafsu senenging donya
Lan padhanging donya isa katon ing mripatmu

-Karya : Intan Nukhi Adhiya–

Geguritan Tema Pendidikan 1 Bait

Guruku 

Panjengan dudu Wong tuwaku
Nanging, panjengan ngajari luwih saka wongtuwaku
Guruku
Senajan bayaranmu sethithik ora dadi pikir
Senajan kudu mangkat wayah esuk
Kondur wanci Surup
Semangatmu ora kendho
Matur Nuwun Guruku
Panjengan dadi sumber ilmu

Sumber : Brainly/Geguritan

Geguritan Tema Pendidikan Singkat

Cita-Citaku 

Esuk budhal sekolah
Sore nyekel buku
Awan daknggo turu
Mung arep nggayuh cita-citaku
Yen dak roso ora ono wektu dinggo senenge atiku
Aku sinau saben dina
Tansah manut dhawuhe wong tuwaku
Supaya aku dadi bocah pinter
Ing tembe bisa mujudake cita-citaku
Bisa mendhem jero lan mikul dhuwur marang wong tuwa
Bisa mulyakne wong tuwaku
Lan utamane bisa bekti marang wong tuwaku
Ya mung kanti cita-cita iki aku bisa semangat
Semangat sinau
Lan uga semangat nggayuh kabeh keinginanku
.
Karya : Yunda Dayanti
Demikianlah kumpulan contoh geguritan bahasa Jawa tema pendidikan di atas. Semoga bermanfaat.

Tinggalkan komentar


The reCAPTCHA verification period has expired. Please reload the page.